Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Nanging, nanging aku …, ora ngerti urusane Pak Suryo…,” Sawitri isih wani mbantah.

“Kowe kudu melu tanggung jawab, sebab kowe bojone Pak Suryo,” Setiawan nggetak karo mripate mencereng.

Cep klakep, Sawitri meneng kaya orong-orong kepidak. Terus menyat ngadeg, klithih-klithih mlebu dalem ageng. Salin.

Ana njero mobil, Sawitri mung meneng. Batine saya kesiksa, rumangsa dadi tawanane Setiawan. Sakjane dheweke kepengin mencolotmencolota, amrih bisa uwal saka bebandan. Nanging Sawitri ora kepengin mati konyol. Sebab playune mobil banter banget kaya disawatake, luwih-luwih nalika tekan njaban kutha. Wusana mobil menggok mlebu plataraning sawijining hotel. Sawitri mung manut bae digandheng Setiawan sajak mesra mlebu kamar.

“Aku arep kokkapakake Mas, kokjak mlebu kamar?” Sawitri protes. Rumangsa disawiyah-sawiyah Setiawan.

Setiawan nanggapi kanthi mesem ampang. “Kanggo ngrampungake urusane Pak Suryo,” kandhane tandhes.

“Kurang ajar! Jebul kowe arep ngrusak pager ayu! Aku pilih mati, tinimbang ngladeni kowe…!” Sawitri mundur-mundur kamiweden.

“Aja kakehan omong! Saiki cucul! Ayo, cepet cucul sadurunge entek kesabaranku!” prentahe Setiawan. Tangane wis nggegem glathi landhep kumilat. Sawitri sapandurat kaget. Atine nratab. Nanging sabanjure tuwuh kawanene. Nuli maju mbaka sapecak karo mandeng Setiawan.

“Ayo, gelis patenana aku! Aku ora gigrig, Mas..! Tekadku, kepengin mati mbelani ajining dhiri lan bojoku. Aja kokanggep aku wong wadon ringkih!” Sawitri bengok-bengok nantang.

Aneh. Setiawan suwe-suwe dadi kalah prabawa. Nganti glathine tiba ora krasa. Sabanjure Sawitri diruket kenceng karo ditangisi.

“Kowe pancen wong wadon sing setya bekti, Sawitri. Aku kalah. Aku kalah ….”

Panjebar Semangat, No. 25, 17 Juni 2000

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

83