Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Nguri-uri ya nguri-uri, Kang. Ning, perkara jejege kendhil ya perlu kokopeni. Iku uga kalebu tanggung jawabmu.” Mitun terus ngetogake uneg-unege.

“Tun, kowe ndhisik nalika gelem takrabi weruh apa? Apa weruh bandha donya? Apa merga kesengsem karo olehku njaran kepang iki, apa pancen saka tulusing ati? Lha njur saiki owah gingsir dadi sulap karo dhuwit kemrincing, ngono pa piye? Gendra ngomong santak.

“Geneya sampeyan ngongkreh-ongkreh sing wis mungkur, Kang? Wiwiwt jaman samana nganti anak-anak lima, aku iki sejatine kurang trima apa? Mitun wiwit prembik-prembik.

“Witikna, kowe ya ngono. Yen kowe ngaru biru anggonku nresnani kesenian rakyat iki, ateges kowe wani nglawan aku!” Krungu jawabe Gendra kang sengol Mitun meneng sedhela. Saka lathine sing dhamis karepe mono arep mbrojolake uneg-unege,

“Kang…”

“Apa!” Ucape Mitun dipunggel Gendra.

“Kang, apa…apa aku wis ora patut ing sisihmu?” sing bisa diucapake Mitun mung ukara kuwi.

“Wis, ta! Ngomonga sakatogmu, ora bakal ngowahi katresnanku marang kesenian rakyat iki.”

Krungu wangsulane Gendra, Mitun gedheg-gedheg karo mekak sumpege batin.

“Aku ngerti. Kang. Ngerti! Ning kepriye wetenge anak-anakmu? Apa bisa koksemayani?

Krungu pitakone bojone sing keri dhewe iki, dhadhane Gendra kaya kena anteman KO. Tanpa sadhar dheweke malih dadi dheleg-dheleg. Yen wis tekan pitakonan iki, donya rasane kaya kukut. Kamangka saben ing kalangan nganggo topeng penthul, Gendra rumangsa mongkog, apa meneh yen sing nonton padha surak-surak mawurahan. Rasane urip iki bisa misungsungake kabisane lumantar kesenian jaranan sing wis dadi getih daginge. Ing kene rumangsane urip iku ana pigunane, lan dheweke rumangsa bener-bener urip. Urip sing kebak pangarep-arep, tanpa kabotan sanggan.

Ning yakuwi, rasane bisa urip mau mung winates ing kalangan nalika jaranane ditanggap. Yen wis tekan omah rumangsane kaya kinunjara. Pitakon-pitakone bojone ngenani tanggung jawab nyukupi butuh kuwi kaya ruji-ruji wesi sing njojohi pangrasane. Gendra malih uripe muspra. Saka rumangsane Gendra sing bisa ngerteni dheweke mung topeng Penthul kuwi. Urip iki krasa wis manunggal karo topeng penthul, gawe senenge wong akeh, bisa njoged sakarep atine.

Merga ana pangrasa sing saben dina tumpang suh ing jiwane, Gendra malih seneng lungguh dheleg-dheleg ing kamar. Wiwitane kanggo ngi-

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

85