“Menikmati hari tua dengan penuh ketenangan!” wuwuse sing mau ngotot. Sing lungguh kupeng bali keplok-keplok.
“Narike arisan, yen bisa awujud barang,” bacute Parjiman.
“Tur, sing migunani tumrape para pensiunan,” Parno nambahi.
“Kaca mata, Mas,” sing ngotot bali usul.
“Sing gak butuh kaca mata. Tak kira butuh kabeh ….”
“Teken, Mas. Kejaba kaca mata, wong tuwa kuwi butuh teken. Ning dudu kruk lho. Nek kruk kuwi kanggo wong semper. Mlaku-mlaku nganggo kaca mata tekenan. Biyuh aku dadi kelingan Mandhor Onderneming! Apa maneh yen nganggo topi pulkah!” usule pawongan sing sakawit mung umak-umik.
“Kursi males! Esuk-esuk maca koran, nganggo kaca mata. Yen wis krasa sayah, mlaku-mlaku karo tekenan. Wow, ampuh! Sarana mangkono wong pensiunan isih katon bisa ngadeg dhewe.”
“Karo maneh sawise pensiun aja banjur dadi urip dhewe-dhewe. Siji lan sijine ora gelem aruh-aruh, ora sapan-sinapan …,” sing duwe penemu saya wani ngacung.
Swarane saur-manuk. Ancas tujuwane padha, ora congkrah, ora jorjoran. Panggonan arisan digilir ing omahe sing kebeneran narik. Sarana mangkono srawunge sansaya rumaket.
“Dak ambali, arisane limang ewu, dipotong konsumsi. Narike wujud kaca mata, teken, lan kursi males, ning ora bisa saktarikan. Panggonan digilir,” wuwuse Sarmun.
“Piye?” pitakone Sugoto.
“Mathuk tenan!” wangsulane sing lungguh kupeng.
Jaya Baya, No. 34, Th. LIV, 23 April 2000
58
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010