Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

dudu tentreme ati. Piye? Mathuk ora?” Parno mungkasi karo ora lali ngelusi jenggote.

“Gak tepak, Mas. Pokoke arisan kudu ana,” sing ngotot terus ngotot. Sing kupeng bali pating pencereng. Bali bisak-bisik. Bali pating pecucu apa dene mencap-mencep. Banjur ana sing wiwit ora krasan, kumudu metu. Sedhela-sedhela nginger bokong sing dirasa saya panas ….

“Arisan oke!” kumecape Sugoto. Sing lungguh kupeng padha meneng. Kala-kala nglirik karo megeng napas, ngenteni bacute.

“Nanging, ora perlu dhuwur-dhuwur. Eling awake dhewe iki wong pensiunan. Aja kepengin melu arisan, sing neng omah ora kumanan. Melu arisan mung golek wah …!”

“Lha nggih, pintenan, Mas?”

“Limang ewu. Kuwi wis dipotong kanggo konsumsi.”

“Entuk apa? Wis taun rong ewu, ijik arisan semono.”

“Entuke Mas?” pitakone Parno. Ora lali ngelus jenggot, banjur mlintirmlintir brengos.

“Entuke seduluran. Lan seduluran iku larang regane. Luwih larang tinimbang kaplingan, luwih larang tinimbang mobil. Aku sarujuk arisan limang ewu, sudah termasuk konsumsinya.”

Sing lungguh kupeng keplok-keplok. Ngathungake jempolan, adu dlamakan tangan.

“Ya, ndhak masalah!”

“Narike dhuwit apa barang?” ana sing ngambali pitakone.

“Bab kuwi dirembug sakwise disusun penguruse. Lan ora perlu dakik-dakik. Prasaja wae. Ketua, Sekretaris, lan Bendhahara.”

“Usul, Mas. Sarehne iki wong akeh, supaya dipantha dadi seksiseksi. Wong patang puluh bisa patang seksi. Sarana mengkono lakune kumpul-kumpul bisa lancer.”

“Asase. Piye, kanca-kanaca?”

Sing lungguh kupeng manthuk sarujuk.

“Dak usulke sing dadi ketua, Mas Goto dhewe. Sekretaris Mas Ananto, Bendhahara Mas Sarmun. Seksi-seksi ben dicekel kanca-kanca sing anyar iki mau,” aloke Bogang.

Lan ora nganti setengah jam, susunane pengurus wis maujud. Ora geseh karo panemune Bogang, wong patang puluh pitu dadi limang seksi. Saben seksi dumadi saka wong sepuluh, kejaba seksine Bogang mung wong pitu.

“Saiki kari ngrembug narike,” sepisan maneh Parno cemuwit.

“Alon dhisik,” Parjiman nyelani. “Dak jaluk kanca-kanca aja banjur melu eker ngurusi sing dudu urusane. Yen wis kumpul-kumpul ngene iki ora perlu ngrembug bab politik. Partemu apa. Agamamu apa. Ora perlu dirembug neng kene. Uga ora perlu gawe gerakan ngana, gerakan ngene.

Sing ana mung kumpulan wong pensiunan sing golek tentreming ati.”

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

57