Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“O…, anu, Ki, upami …, upami lho…, niki!” clathune sawise mungkur cengkelak bali. “Upami nganti adhegan Dewa Wisnu, si Dhalang Sejati niku, ngruwat sukerta mangke anak kula dereng kepanggih wayangane mpun dikendelake, sampeyan tutugake mawon tanpa ruwatan, kersane mboten mubadzir dados tingalan ngoten.”

Mung dadi tontonan. Mengkono tembung sing trep kanggo pakeliran wengi iku. Putra ontang-antinge Pak Pujo ndilalah ora ditemokake nganti tancep kayon. Oncade Bethara Kala dhewe pancen ora nganti gawe wurunge pakeliran, merga paragane dakganti Rasesksa Mudha. Ora jiblesa nanging dedeg piadege lan wewatake kekarone dakkira irip-iripan. Malah upama Bethara Kala diparagakake dening buta liyane penonton bakal nganggep padha, amarga bangsa raseksa kadung dimitosake minangka simbul kadurjanan, kadurakan, apadene angkara murka (sanajan ora kena digebyah uyah mengkono). Mula yen dakgagas-gagas bingungku sejatine dudu ilange Bethara Kala saka kelir, nanging aku banget nyumelangake kedadeyan sing bakal tumeka yen Tukang Mangsa sing lair saka kama salah Sang Hyang Pratingkah iku ucul. Maksudku, aran mokal wayang iku musna ngono wae tanpa ana manungsa sing njupuk. Embuh iseng, embuh dikoleksi, apa ta diedol, nanging sing mesthi rak bakal beda maknane, yaiku padha karo nggawa si Pengancam iku menyang madyaning bebrayan manungsa. Seje maneh yen sing dijupuk wayang-wayanag sing awatek, upamane, jujur, sinatriya, wicaksana apadene luhuring budi.

Pangajabku Putri Ayu, putrane Pak Pujorogo iku, enggala ketemu lha wong manungsa mongsok ilang. Amarga bocah iku kudu enggal diruwat (maksudku, dheweke iki isih jejer bocah sukerta). Nanging pangaraeparep iku badar, bareng ana Petugas Kepolisian menyanag omahku mratelakake yen bocah iku wis tinemokake tiwas ing tebu-tebu pesawahan mburi omahe. Sing luwih tragis maneh otopsi dhokter nyatakake yen dheweke wis dirusak kesuciane.

Ing rumah sakit layone dipitontonake marang aku. Ora ana tilas getih. Ora tinemu tatu mlewah sing bisa njalari wong ora mentala ndulu. Dheweke gumlethak kaya turu angler. Pasuryane sing siniwi, pakulitane sing resik putih, lan rambute sing dipopol cendhak isih ngatonake ayune. Ing gulune, ya mung ing gulu iku, tinemu lamat-lamat tatu cublek ngemu getih. Dene ing sikili isih tumemplek tilas lempung. Cekake, sing mretandhani yen dheweke wis “putus masa depane” (ngono olehku ngarani) ya mung jarit sing ngemuli lan sleyer ungu sing ngiket janggut lan sirahe.

“Dhokter taksih rangu-rangu bab tatu ing gulu niku, Ki,” ujare Polisi wadul aku. “Kados tilas tekekan utawi … cakotan siyung ageng. Kajeng kula, Ki Labdo Carita saged paring katrangan bab watek antune Bethara Kala niku. Napa piyambake nek mateni kurbane kanthi nyokot gulune kados Dracula?”


Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

51