Aku wiwit rumangsa, polisi duwe pangira yen patine Putri Ayu ana gandhenge karo ilange wayang Bethara Kala mau bengi.
Bethara Kala pancen gadhah siyung, arane mawon buta,” kandhaku kumudu ngguyu. “Nanging yen nadhah talamangsa nggih diuntal tanpa sisa, boten dicucup kados dracula ngoten.”
“Maksude, boten mungkin Bethara Kala pelakune? Nanging piyambake rak gadhah kekiyatan magis, ta?” pitakone semu aweh dudutan.
“Genah, pelakune mesthi manungsa, sing kasusupan wateke Bethara Kala mesthine. Bethara Kala niku namung ringgit, sadrema jalma sinungging ing kulit. Yen wonten ringgit tinamtu kados dene Semar utawi Bethara Kala niku gadhah daya megis, utawi trepe diyakini dening ngakathah gadhah kekiyatan magis, sejatose sanes saking ringgite piyambak nanging kadayan dening keyakinan utawi kapitayan niku piyambak. Kanthi makaten wayang kadidene gesang, nyata ing pangentha.”
Katranganku sing ringkes iku dakkira cukup dadi dhasar panyelidhikan Polisi. Kanggone Polisi lan Pak Pujo sapa pelaku “perkosaan-pembunuhan” iku tamtu wigati banget kanggo njejegake ukum lan keadhilan. Tanpa karep ngremehake bab iku sing wigati kanggoku malah kepiye mungguhing mangerteni sebab-musababe kasus sing gawe wirang lan susahing liyan iku. Yaiku salah sijine alesan geneya aku asring aweh paninting lan penapsiran tumrap pawarta sing daktampa.
“Prawan Sukerta Diperkosa lan Diperjaya Bethara Kala”. Ngono irahirahan sawijine pawarta sing dakwaca saka Koran local ing watara dina candhake. Polisi sajake wis nyekel “terdakwa”. Wose pawarta kanthi cengkok metaphor iku nulis, sing didakwa dapi pelakune (banjur diarani “Bethara Kala” iku) ora liya ya tukang dhisel nalika wayangan wengi kae. Aku ora kaget, merga ya logis.
Niyat iblise iku, ngono istilahe koran, dilakoni nalika lampu mati. Mesin listrik iku rewel amarga pancen dhisel cadhangan, dadi arang dikanggokake. Dheweke ngaku judheg lan prustasi.
Sawise diutheg lan diuripake bola-bali ora ngenekake, dheweke njajal mbukak busine banjur dikureksi lan diresiki saakal-akale, sabisabisane merga pancen peteng. Nengah-nengahe utheg karo piranti “pengapian” iku Putri Ayu mencungul ngono wae saka sandhinge jedhing. Dhisel iku iku pancen dipapanake buri jedhing.
“Butuh bantuan, Mas?” panawane Putri ditirokake terdhakwa. Dheweke kaya entuk daya. “Oh, ya, ngurubake korek iki bisa ta?” panjaluke kebak pangarep. Kanthi legawa Putri banjur ngurubake penthol korek. Nyerpis “pembangkit listrik” wengi iku pancen nganyelake, jare si operator, mulane ora aneh Putri ngurubake korek jres iku bola-bali. Tukang dhisel iku uga ngaku kober ngresepi pasuryane Putri sumringah rinengga esem nalika kasunaran urube korek. Kala-kala ABG iku njelih ngalem
52
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010