“Awas, Ki, Bethara Kala-ne!” cluluke cantrik kaya mengku karep. Tingkahe wong-wong sing pating sliri sakiwa-tengene kelir katon wujud wewayangan nggrememeng ireng sing aneh. Ana uga sing nganguk-anguk nyang simpingan karo uthik-uthik wayang.
Embuh pirang menit kahanan peteng mau dumadi—kiraku cukup suwe—upama ana wong culika gelam ngumbar niyate. Nalika lampu byar padhang age-age arep mbacutake adhegan Narada mejang. Nanging kaya ngapa kagetku, Bethara Kala sing sekawit cedhak ramane ndadak ora tinemu ing kono. Gojag-gajege atiku dakrem-rem sauntara. Mbokmanawa pancen ceblok mengisor. Dakungak-ungak ora ana.
“Gus, endi Beethara Kalane?” takonku marang cantrik ngemu prentah nggoleki. Dheweke gage ngongkrah-ngongkrah tumpukan wayang ing ndhuwur eblek. Ora tinemu. Njeron kothak ganti diubak, ya ora ana. Panjak kendhang sing cedhak dhewe tanggap, cengkelak ngadeg tumuju nyang simpingan kiwa. Ngiyak-ngiyak bloke buta lha kok ora nemu uga. Sirahku nggliyeng kaya ketiban blencong. Lha iya, elingku wayang Kala iki serepe ana siji kok ya ora ana pisan.
Ilange Bethara Kala enggal disumurupi para yaga, mula banjur padha clilengan menyang ngisor gamelane dhewe-dhewe, kaya-kaya padha yakin yen Pengincime Sukerta iki bisa slinthutan manjing nyang papanpapan rupak lan rumpil. Ora trima dijinggleng gamelane padha dijunjung, diiringake, nganti wilahane padha coplok lan bonange ngglundhung. Swarane pating klonthang-klunthing, krompyang tanpa wirama. Pikiranku dadi bruwet semrawut.
Ilange Bethara Kala gawe githokku mrinding, siyak-siyak, lan waswas, amarga makna filosofine buta iki nunggal wingite karo Kyai Semar. Ing purnaning pakeliran wayang loro iki ajeg dakdupani ing njeron klambine, yaiku kanthong sutra ireng kanggo Bethara Kala lan putih kanggo Semar. Kawigaten mligi ngene iki kanggo ngantebi pangrehing budi sajroning mangerteni jejer lan wewatakan siji-sijine mungguhing bebrayan sanyatane.
Tanpa weruh sangkane Pak Pujorogo mencungul ing mburiku.
“Ki, anak kula kok mboten enten, nggih!” ngendikane mbebisik nanging cetha banget. “Kirangan pas lampu peteng wau pamit teng wingking. Pun, maklumlah lare sakniki mboten betah linggih …, napa malih ningali wayang.”
Kopi sing wis adhem jejer sajen dakcegluk tanpa dakrasakake. Wis jan kisruh tenan pakeliran nggone Pak Pujo iki. Mumet aku!
“Dhasar lare radi tingkah, Ki, saged mawon larene ngriwuk tiyangtiyang estri ewuh ten pawon. Cobi kula padosane malih. Lha sampeyan terusne mawon ndhalange!” kojahe nrocoh sinambi ngepuk-epuk pundhakku kaya-kaya njaluk aku supaya ora susah gupuh, kamangka dheweke ora bisa nyingitake sumelange.
50
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010