Turiyo Ragilputra
Udan nggrejih wiwit mau bengi ndadekake hawa esuk rinasa atis. Subur, guru SD telung jaman (Orde Lama, Orde baru, Orde Reformasi) nyawang langit kanthi ati teles. Jam ing tangane nuduhake wektu 06.30.
“Yen seprapat jam meneh ora terang, sida klebus tenan klambi iki,” kandhane jroning batin.
Rikala jaman Orla biyen, dheweke kalebu banget sethithik saka wong-wong sing ora kajegur ing jagading politik. Mula, nalika akeh banget kanca guru sing ‘dicidhuk’ merga secara langsung utawa ora langsung kesangkut prastawa G 30 September, dheweke mbrojol selaning garu.
Jaman anyar banjur dilakoni. Kaya kanca-kancane sing ora kesangkut ing perkara politik, dheweke miwiti mbukak lembaran sejarah Orba. Kala semana kabeh jroning swasana prihatin. Jejere guru, bayare mung kena kanggo tuku kaos singlet salembar. Mula ora aneh yen ana guru bujang penyanyakan arep ngepek anake wadon wong tani, diiwi-iwi calon mara tuwane.
Kala semana jagading pamulangan pancen lagi komplang. Tenaga guru sing dhasare wis kurang, dadi sangsaya kurang awit akeh guru sing dilorod dadakan. Dheweke kelingan, wektu iku sasekolahan mung ana guru loro, tanpa kepala sekolah, awit kepalane katut dipecat. Kanggo ngisi lowongan kasebut, dheweke ditari dening kepalane ing kecamatan (saiki Cabang Dinas P dan K Kecamatan) supaya nglungguhi kursi kepala sing suwung.
“Napa kula saged, Pak?” tambuhe kala semana.
“Turah bisa.”
Dheweke monga-mangu.
“Yen iya, jenengmu arep tak usulake menyang kabupaten,” Kepalane ngangseg.
Mung kaya ngono.
Nanging sawulan candhake, pranyata dheweke ditimbali maneh. Sing dirembug ora liya ya mung pengangkatan kuwi.
36
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010