Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Beslite wis meh mudhun, Pak Subur,” ngendikane Kepala Dinase sumringah. “Nanging ya kuwi, gandheng panjenengan wis daktulung, saiki aku genti tulungana. Rak lumrah ta wong urip tulung-tinulung.”

Dheweke ngenggihi.

“Ngngng…, ngene, Pak Subur,” kandhane kepalane lirih. “Gandheng olehku nyambut gawe nyambangi esdhe-esdhe sakecamatan, Pak Subur daksuwuni tulung nukokake sepedha kanggo srana lakuku.”

Subur tumenga, nyawang ndhuwurane. Bareng mripate tempuk, dheweke tumungkul.

“Piye?”

“Anu, Pak,” Subur natag-natagake ati. “Menapa sepedha kagunganipun Bapak mboten saged pun agem?”

“Hiya bisa. Ning, angkahku rak ngene, kanthi anane sepedha loro, ibumu ora perlu ketharak-tharak yen blanja menyang pasar. Rak mesakke ta, wis tuwa menyang endi-endi mlaku.”

Subur ngrasa dhadhane gumuruh. Batine kroncalan, kelingan bayare mung kena kanggo tuku uyah, gereh, sarta sabun telung utawa patang potong. Kelingan anake sing lagi umur patang taun, kelingan bojone sing olehe nikahi direwangi dhepa-dhepe marang calon mara tuwa, kelingan ….

“Piye, saguh ora?”

Subur monga-mangu. Nanging dumadakan, embuh entuk daya saka ngendi, sirahe gedheg.

“Hiya uwis yen ngono,” kepalane mungkasi rembug.

Pancen mung kaya ngono? Yen pungkasane mung kaya ngono, Subur bisa nglenggana. Sing ndadekake atine anyel rak bareng karo yengah wulan candhake, mitrane sing luwih enom diangkat dadi Kepala Sekolah lan ditugasake ana papane dheweke mulang. Atine dadi saya mrongkol bareng ora suwe mitrane iku ngepalani dheweke, kepala dhinase rawuh kanthi numpak pit anyar!

Iku crita lawas. Saiki jamane wis beda. Bayare guru wis kena kanggo mangan, senajan panggah durung cucuk yen diukur nganggo abote tanggung jawab apa dene status profesionalisme. Apa maneh yen wis ketanggor enggak-enggoke dalan promosi jabatan. Wih, eri, krikil, apa dene kewan-kewan galak, isih panggah pating slagrak ….

Ing njaba udan wiwit mendha. Subur metokake sepedha untane. Merga jam ing tangane wis nuduhake angka 06.45, grimis diterjang wani. Kriyat-kriyet sikile wiwit mancal pedhal. Dalan tanpa sepal sing ing kanakene kembong banyu, diliwati kebak pangati-ati.

Sadawane dalan pikirane nggagas werna-werna. Patang taun maneh umure genep sewidak. Iku ateges dheweke kudu pensiun. Pitulung dene anake wis mentas kabeh. Sanajan miturut ukuran saiki anake ora ana

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

37