Swara batine mau wis ora keprungu, dheweke nerusake nggone nggagas. Pancen ora kena diselaki, nggone pikirane banjur goreh lan tidhatidha, pamitran iku kateruskake apa ora, iku mau bener, nanging uga ora mangkono. Gek dheweke wis ndhisiki teka, apa ya wong kang wis karaya-raya gelem mara mau, banjur perlu diadohi? Apa bab kang angel nggone nemtokake sikep. Angel diwedharake marang sapa bae, luwih-luwih marang dheweke, genah ora. Bakal diarani gawe-gawe golek kawigatan.
Meneh-meneh swara batine mau nyaruwe, malah sajak ngemutake…. “Iya… pancen, kang nyebabake kowe goreh pikirmu, rasane kaya ngalor-ngidul mau, yaiku nalika dheweke mencungul ana ngarepmu, mak “dheg”, jantungmu kaya ana kang mbateg, saking kagetmu. Blegere, sikepe, malah swarane, kang ana ngarepmu mau kaya-kaya dudu dheweke, nanging garwamu kang kinasih kang wis swargi. Sanajan ta ora pleg nemen, nanging meksa bae gawe gorehe atimu, dhadhamu krasa kaya ana ombak gumuruh. Nanging kabeh mau ora mbokkatonake, mung sikepmu kang banjur kaya ora jenak ….”
Tujune swara batine iku meneng, banjur nerusake nggone nglaras pikire. Nanging dikaya ngapa, dheweke tetep dianggep kaya dene sedulur sinarawedi. Embuh dheweke gelem ngimbangi anggone seduluran apa ora, apa jare. Lan meneh wong kaya dheweke genah ora perlu dikuwatirake bakal medhot paseduluran, merga saka bab kang sepele bae. Wong kaya dheweke genah nduweni pakarti lihur, kaya pangirane, dadi wis ora perlu tidha-tidha meneh.
Tekan kono nggone nglaras pikire, kesaru lamat-lamat ana swara gendhing Mijil layung-layung, kang bisa ngrerujit ati, lagune wong kang nandhang dhuhkita. Sapa kang nandhang dhuhkita, apa batine dhewe, kabeh ora ana kang ngerti, klebu kang ana njero dhadhane kang paling jero.
Panjebar Semangat, No. 9, 26 Februari 2000
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
35