Mas Dony ora wangsulan. Mung mripate landhep nyawang aku. Anyes!
Atiku dadi kemrenyes. Sanajan ora diucapake, aku ngerti apa tegese panyawang kuwi.
Ana geter-geter endah ing njero dhahaku. Perasaan kaya mangkene iki saelingku biyen tau tak alami nalika jaman pacaran lan penganten anyar. Sawise sawetara dadi bojone, saben dina adu arep, turu amor lan runtang-runtung wong loro, rasane kok malih biasa-biasa wae. Wis ora greng maneh lan ya ora nganggo dheg-dhegan dhisik yen ketemu. Nanging saiki … ah, upama ora kelingan ana arisan RT, aku luwih seneng neng ngomah. Nunggoni dheweke nglukis sinambi nglaras endahe rasa sing gumonthang ing njero dhadha.
Kanthi abot aku menyat ninggalake bojoku. Witikna, arep ora menyat ya kepriye. Wong aku dadi bendhahara lan buku arisan sing nggawa aku. Ya wagu yen ora teka tanpa alasan sing jelas.
Temenan, tekan daleme Bu Prapto sing pancen oleh giliran tampa arisan, Ibu-ibu wis padha ngumpul.
“Wah, iki mau meh wae disusul, Bu. Dingaren, adate rak gasik. Kok telat rada suwe,” cluluke Bu RT durung aku nganti kober ngentebake bokong.
“Ana tamu.” Aku kapeksa goroh.
Buku langsung takbukak. Horotoyoh sing padha arep mbayar langsung kemrubut. Pating cruwet swarane.
“Aku …, Bu … aku ….”
“Iki dhobel karo sing sasi wingi.”
“Iki aku karo Bu Bariyah.”
Wadhuh, aku bingung. Lha kabeh padha njaluk dhisik. Sing njelehi, sing jenenge durung nganti dicathet dhuwite wis diselehake banjur ditinggal ngalih. Rak ngisruh-ngisruhi. Wah, urusan karo ibu-ibu kampung pancen ngewuhake. Yen diaturi antri lan tertib ngono angele ora jamak. Isih kepenak ngandhani cah cilik.
“Lho, Bu Warid, iki kok dhobel papat. Priyayine rawuh ora?” aku ngiling-ilingi ibu-ibu sing padha teka arisan sawise rampung olehku nyathet lan ngetung dhuwite.
“Ora, Bu.”
“Ora titip.”
“Mau tak ampiri lawange tutupan.”
“Lha yen ngene iki rak mesakake liyane. Sing oleh giliran mothel ora genep.” Aku bali ngetung dhuwit maneh. Kurang sewidak ewu. Bu Warid dhobel papat, liyane ana sing ora menyang loro lan ora titip. Aku saiki wegah nomboki. Mbiyen soale wis tau ketatalan. Yen ana sing kurang ngono njur ndaktomboki. Daktutup. Nanging suwe-suwe kok njur dha
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
19