Ardini Pangastuti
Lukisan iku durung rampung. Isih setengah dadi. Nanging senengku
wis ora kinira. Anggrek ungu kang endah. Wis suwe aku kepengin lukisan
anggrek ungu kaya iku. Lagi saiki bisa katekan. Rasane ora bosen-bosen
anggonku nyawang.
“Iki mengko yen wis dadi bakal luwih endah maneh.” Mas Dony, bojoku sajake ngerti apa kang lagi takpikirake.
“Lha kapan dadine?”
“Aku ora bisa nemtokake wektune kanthi pas. Nanging tak jamin, wayahe ulang taunmu mengko lukisan iki mesthi wis dadi.”
Aku ngetung-etung. Saiki tanggal 9. Ulang taunku tanggal 16. Ateges kurang seminggu maneh.
“Kok suwi, Mas. Adate njenengan nek nglukis rak gelis.”
“Wow …, iki beda. Lukisan iki rada spesifik. Carane nggores ora waton. Kudu alon-alon. Dimatke tenan. Dilaras. Aku kudu mahami tenan karaktere lukisan iki, ora beda aku mahami perasaanku dhewe. Kowe ngerti?” Mas Dony nyawang aku.
Aku gedhek. Senajan bojoku kuwi pelukis, nanging kawruhku bab lukisan ora akeh. Yen mung wujud bleger, aku bisa ngarani, lukisan kuwi apik apa ora. Nanging yen suwalike gambar, sing dakbiji apik utawa suwalike, apa maknane aku ora ngerti. Sebab (iki jarene Mas Dony), lukisan iku ora beda karya sastra. Pengarange anggone nyampekake pesen ana sing thok leh, ana sing nganggo pralambang utawa bahasa simbol. Yen thok leh, wis genah, wong maca langsung ngerti marang apa sing dikarepake dening pengarang mau. Nanging yen nganggo pralambang utawa symbol, wong maca ora langsung ngerti. Kudu dipikir dhisik lan dionceki, apa ta satemene sing dikarepake dening pengarang iku. Mangkono uga lukisan. Wah, urusan karo seniman pancen repot!
“Lukisan iki mujudake ekspresi saka ensesi rasa asih kang paling jero,” swarane Mas Dony keprungu kedher.
“Lan kuwi kanggo aku?”
18
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010