nggampangke. Akhire nalika nyekel sing keri iki aku emoh nomboki maneh.
“Bu, soal Bu Warid, mengko wae dakkandhani,” Bu Barjo sing lungguhe jejerku njawil aku.
Aku manthuk.
Sawise arisan rampung, aku langsung njawil Bu Barjo.
“Ngendikane mau aren ngandhani aku?”
“Bu Warid ki rak lagi ana masalah ta, Bu. Sing lanang edan karo wedokan liya. Wow …, rame, Bu. Njenengan apa ora mireng saestu, Bu Warid rak dipala karo sing lanang njur saiki purik nyang nggone wong tuwane.” Bu Barjo olehe kandha karo klesak-klesik.
“Kok njenengan ngerti, Bu?”
“Lha wong omahku karo Bu Warid rak mung adu arep. Ana apaapa aku rak ya mesthi wae ngerti.”
Omahe pancen ana gang mburi, rada adoh karo omahku. Mesthine kampung iki ora mung sa-RT. Wong wargane akeh banget. Meh seket. Nanging wong-wong wegah nek dipisah. Akeh ya ben, malah katon guyub, ngono alasane.
Satemene, kaya padatan bubar acara arisan isih ana acara maneh. Yen ora masak ya ketrampilan liyane. Sing ngisi gentenan. Kadhang saka warga dhewe, saka kelurahan utawa sawenehing sponsor. Pokoke kumpulan PKK ing RT-ku mesthi gayeng.
Aku pamit bali dhisik. Ora ngenteni dhemo masakan saka sawenehing sponsor sing mrodhuksi alat masak serba guna. Aku kepengin nunggoni bojoku nglukis. Yen daktunggoni mengko rak luwih semangat, saengga cepet rampung. Aku selak kepengin weruh anggreke kae kaya ngapa mengko dadine.
Karo mlaku tumuju ngomah sing dohe saka daleme Bu Prapto watara 500-an meter iku, pikiranku dikebaki wewayangane Mas Dony. Terus terang, aku mongkog dadi bojone. Dheweke ora mung apik rupane, nanging uga apik sak njeronane. Kebak pangerten, ora kakehan polah lan sing paling penting dheweke gemati karo aku. Ora kaya Pak Warid sing gelem milara bojone mung merga kedanan wedokan liya. Mas Dony uga ora kaya bapak-bapak liyane ing kampungku sing racake padha doyan main kertu.
Lakuku rada dakgelak amrih cepet tekan ngomah. Aku kepengin ngandhakake apa sing dakrasakake iki manawa aku tresna marang dheweke lan tansah sesandhingan kanggo salawase. Ora ana kang bakal misahake kajaba pati. Malah upama reinkarnasi iku ana, mbesuk upama dilairake bali ing ngarcapada aku tetep kepengin urip bebarengan karo dheweke. Gusti, matur nuwun dhumateng sedaya kamurahan Paduka ingkang sampun paring kamulyan dhumateng kawula, batinku trenyuh.
20
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010