Awakku krasa mubeng lan entheng banget, kaya kemleyang. Kontrol enderaku macet total. Sakbanjure aku ora kelingan apa-apa maneh.
Sepisan maneh takiling-ilingi “kostum kebesaranku”. Kanthi penyamaran kaya ngene, aku yakin mesthi ara ana wong ndesa kono sing ngenali aku. Nanging ana wae wong kang takon lan ngaruh-aruh, “Ajeng teng pundi Mbah? Kok mlampah mawon?” Aku kaget. Bareng tak tamatake, aku ora kenal. Dakwangsuli sakkepenake, “Ajeng teng kitha, Nak.”
Karo mlaku alon-alonan, pikiranku takputer sakkuwatku, bali menyang jaman Jepang dhek taun 1942, 56 taun kepungkur.
Nanging meksa tetep angel banget. Lalu lintas kendharaan sing jaman semana sepi mamring, saiki kebak mence. Sepedhah montor sing mbengung, pating craeke kenek angkot lang angdes uga gemrebege truk lan bus antarkota sing padha balapan, nganggu konsentrasiku.
Stanplat bus antarkota wis takliwati. Saiki aku mandheg ing sangarepe patung Jendral A. Yani sing ngadeg kukuh ing tengah kompleks monumen.
Jam papat sore aku wis tekan pasar Kentheng, pasar sing biyen rame yen pinuju pasaran, gemrenggeng tumawon, saiki wis ilang. Bekase didegi gedhung kantoran, sekolah lan warung-warung wedang.
Aku mlebu neng salah jinine warung wedang, lungguh mepet rada memburi lan adoh saka wong-wong liyane sing lagi medang. Aku ngrumangsani jer panganggoku kaya kere. Wedi yen kacenthok lan disawiyah liyan. Aku pesen teh tubruk karo gorengan tempe mendhowan.
Wong-wong padha ngingeti, mengkono uga sing duwe warung. Pesenanku ora enggal diladeni. Aku ngerti. Aku dikira wong ngemis sing arep njejaluk.
Aku kapeksa kudu gawe gerakan kanggo mbukak mripate wongwong kuwi. Aku rogoh-rogoh sak klambi potang aring, njupuk rokok Dji Sam Soe, sisan karo ngatutake dhuwit lembaran rong puluh ewonan. Dhuwit mau sengaja dakiling-ilingi sabanjure daksaki maneh. Wong-wong sing padha jajan ndhingkluk karo klincutan. Sing duwe warung klepat lunga memburi. Ora let suwe pesenanku wis cumepak neng meja.
Aku ora nyalahake sapa-sapa, aku dhewe sing salah. Panganggoku wer-ewer caping bodhol, nuwuhake panyangka liyan, yen aku mesthi wong ngemis sing arep pepriman.
“Nuwun sewu, Pak…,” mengkono pangucape sing duwe warung karo nampani dhuwit bayaran tempe lan wedang sing tak ombe.
“Mboten napa-napa, Nak, malah bapak ingkang nyuwun pangapunten,” wangsulanku karo metu saka warung.
Thimik-thimik …, lakuku takterusake.
Tekan sangisore wit kenari sing dhek biyen kanggo ndheprok simbah putri, aku mandheg lan ngiling-ilingi wit mau. Pranyata wit mau isih
14
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010