ngadeg pengkuh. Wite sangsaya gedhe. Kira-kira ana nek telung prangkulane wong dhewasa gedhene.
Sacedhake wit kenari mau, kok ya isih panggah ngadeg pathok kilometer. Tulisane: Kta. 11—Pwr. 1. O…, lha kok isih padha dhek biyen.
Kalen iki kok ya isih ana, ning saiki pinggire wis ditembok. Saklore dalan ketok sawah amba ngilak-ilak. Parine lagi padha mlencuti. Sesawangan katon ijo royo-royo nengsemake. Ing galengane ketok pating crongot pring lanjaran kacang panjang kang lagi padha kembang. Kembange pating prenik werna ungu, ngayemake ati yen dinulu.
Rada adoh sakburine grumbulan wit turi, katon ngegla pendhapa Kelurahan Doplang. Ya ing pendhapa iki biyen sing sok kanggo nganakake pagelaran wayang kulit semalam suntuk. Pagelaran wayang kulit mau dianakake ing wulan Rejeb sisan karo nganakake slametan bersih diesa.
Dene kalen iki, sing misahake dalan gedhe lan sawah, arupa kalen irigasi kanggo ngoncori sawah sing banyune mili saka kali Kedhungputri lan kali Bogowonto.
Ing kali kuwi biyen akeh iwake. Lele, wader, lan urang. Kalen iki wis tau melu nguripi aku lan simbah nalika dhek jaman Jepang, nalika pensiune simbah dicures karo Jepang. Saben rong dina sepisan aku mesthi golek iwak ing kalen iki. Oleh-olehane lumayan kena kanggo nyambung urip.
Karo ngelapi kringet sing dleweran, aku mesem dhewe ngelingi sengsara lan nelangsane uripku biyen. Kenangan mau saiki dakrasakake maneh. Kenangan mau alon-alon nlusup mlebu ing dhadhaku …, cles, anyes! Kenangan pait kuwi malih, malik dadi endah ngelam-elami. Dhadhaku dadi kebak rasa kabegjan lan kanugrahan kang ora kinira-kira. Ora krasa luhku melu dleweran.
Dhuh, Gusti, matur nuwun! Aku isih diparingi umur, isih menangi “masa laluku” sing wis suwe banget. Allahu Akbar.
Napak tilas tak terusake. Mongkoging ati ndeleng sesawangan kang endah mau dakkipatake. Liwat ngarep omahe Wa Sarip aku mandheg sedhela. Bocah cilik sing ngingeti aku nalika daktakoni, kandha yen simbah Sarip wis suwe mati. Omahe wis didol. Saiki didegi bangunan anyar, Balai Pengobatan.
Omah-omah racake kabeh wis direnovasi. Ndhuwur payon pating prentul antene TV, malah ana sing masang parabola. Wah, wis padha makmur saiki ….
Lakuku tak terusake ngalor, marani omage Lik Jaeni. Omahe wis dibongkar. Saiki dadi kebonan suwung. Pak Lik lan Bu Lik Jasmi yaw is padha seda.
Cengkelak aku bali nyang dalan gedhe. Sebab wis semayan karo anakku supaya jam setengah nenem sore dijemput. Ancer-ancere cedhak
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
15