Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Wis, ah, Mbah menenga, isin! Galo diingeti wong liwat,” pangeriherihku.

Ngarepake surup wis tekan pinggir kutha. Ketoke simbah kesel banget sebab wis mlaku dohe 5 km. Terus ndheprok sangisore wit kenari. Omahe Lik Jaeni udakara isih 500 meteran maneh.

Sawise rada aring napase, simbah takjak mlaku maneh, nanging simbah emoh, malah karo memelas ngendika, “Nang, nek Likmu Jaeni ora gelem nampa, njur gek kepiye?”

“Lho, kok ngono ta, Mbah?” pitakonku.

“Aku wedi nek Likmu Jaeni karo bojone nesu maneh.”

“Sebabe..?”

“Awit seminggu kliwat, aku lunga neng nggone mamakmu, jalaran aku tas padu karo Likmu wedok.”

“We …, lha blaik nek ngono,” selathuku putus asa.

Kanggo nlesihake kedadeyan iki, ana becike aku luwih dhisik nemoni Lik Jaeni, karo ndelok sikap lan reaksine.

Simbah sawetara daktitipake nggone Siwa Sarip, sing omahe ora pati adoh saka kono.

Bedhug Maghrib wis muni saka mesjide Kyai Ngaluwi. Kahanan kampung wis peteng repet-repet. Racake omah-omah mung pasang lampu teplok utawa senthir, ming siji. Malah akeh omah sing petengan wae. Jaman Jepang golek lenga patra angele nauzubillah. Paling yen entuk pambageyan sakliter. Ning ya kuwi mau…, antrine dawa ngaluk-aluk meh nganti sakkilo meter.

Langsung aku marani omahe Paklik. Omahe ketok peteng. Mung ana lampu senthir siji neng tengah omah. Urube mendlap-mendlip. Padhange dipangan peteng sing leliwengan.

Ndilalah Paklik lagi tindakan. Sing ana mung Bulik Jasmi thengukthenguk jagong kursi neng petengan.

Bareng ngerti aku sing teka, langsung Bulik pasang ulat. Raine sih pancen ora ketok, ning suarane.

“Ana apa, nang, bengi-bengi kok teka?” suarane jelas ora semanak.

“Kula Bulik, kalih Mbah putri.”

“Lha endi wonge?”

“Kekeselen, kula titipke nggene siwa Sarip.”

“Ngene Nang…, aku arep terus terang karo kowe. Nek simbahmu isih ora bisa ngrubah adate, aku emoh kanggonan. Timbangane mung regejegan saben dina. Ben aku disengeni karo Likmu Jaeni ora apa-apa. Tap dhepanane.” Ngono ngendikane Bulik isih akeh-akeh maneh, sing suarane banget nyerikake.

Sakala sirahku sremrepet mumet lan rasa lenglengan. Setengah eling

aku isih bisa ngrungokake “krama inggile” Bulik sing natokake ati. Amarga nyenggol-nyenggol bab sing gegandhengan karo harga dhirine simbah.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

13