010. PRAJURIT 1 ( NYELETUK ) : Clemer...
011. PRAJURIT LIYANE (PADHA NGGUYU) : Haa...haaa...haaa.
012. PATIH HARYA LOGENDENG : Hus.. Mingkem! sopan, patih jedi omongke( EMOSI )Sapa kuwi mau? Njaluk takmutasi neng Dlingo pa? Hooo trembelane.”
013. KENCANA WUNGU : Wa Patih Harya Logendeng?” ( WIBAWA )
014. PATIH HARYA LOGENDENG : Ngerti ora ? Aku iki kang wis kondhang kaloka. Presiden Obama wae ngajeni karo aku... Sapa-sapa? Lo gendeng..
(ISIH NYROCOS KARO PARA PRAJURIT )
Lha kok kowe prajurit golongan I A wae wani neranyak karo patih, pejabat Eselon V.
015. KENCANA WUNGU : Patih Logendeng...( RADI SORA NGENDIKANE ) Ngerti ora yen kowe ki...
016. PATIH HARYA LOGENDENG : Adhuh, Ampun Gusti Ratu, ampun... ( SALAH PANAMPI ) Ingkang kawula kajengaken menika prajurit ingkang matur menawi kula menika clemer.
017. KENCANA WUNGU : Lha Wo patih clemer ora?
018. PATIH HARYA LOGENDENG : Yaa, kala-kala Gusti. ( NYLEKUTIS )
019. KENCANA WUNGU : “Ingsun nimbali sira amarga ana bab wigati kang ingsun ngendikaake marang sira. Kakang MENAK Koncar – Wo patih Harya
Logen
346
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~