babo. Padune ora wani!! He wadya
bala, pasukan Majapahit....keciiil. Ha tak tendang ndang. Tak gajul, jul. He wong-wong Majapahit, kelakon tak
remet-remet jadi bregedel.
BABAK II
Adegan 1 :
ING SAWIJINING WENGI WULAN NDHADHARI, NING TENGAH-TENGAHING WENGI, ANGGORO MANIS, RATU KENCANA WUNGU LAGI SEMEDI ING SANGGAR PAMUJAN.
006. SWARA GAIB
- He, Ratu Majapahit, mangertiya yen
prahara kang bakal nemahi negaramu mengko mung bisa sirna yen Sliramubisa nemokake senopati perang saka desa Paluhamba. Satria mau jejuluk Damarwulan.
BABAK III
Adegan 1 :
SAWIJINING DINA, ING PISOWANAN AGUNG MAJAPAHIT, KATUNGKA PARA PUNGGAWA LAN PANGEDE KRATON. 007. KARIKATURAL
- Sembah bakti kula Gusti Ratu Kencaaa..na Hawungu.
008. KENCANA WUNGU : Baktimu Ingsun tampa.Wo.., Patih Harya Logendeng?” 009. PATIH HARYA LOGENDENG
- E..E.. Sungkem pangabekti kula
mugi konjuk Gusti Ratu. Nun inggih, kula Retyana Patih Harya Logender sendika nyadong dhawuh...He..Cah, patih ki kaya aku iki... Haa... Dhasareya patih senior, pengalaman babakan apa wae.. tandang gawene mesthi mrantasi...
Gagah pidekso... tur yaaa...
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
345