deng lan Kabeh. Para kawulaningsun,peperangan antarane Majapahit
klawan Blambangan ora mendha lan ora ana pungkasane. Adipati
MENAK Jingga pranyata ora bisa di anggep entheng. Buktine, wis
bola-bali ngetogake wadya bala, nanging durung bisa ngasorake
MENAK Jingga. Kakang MENAK Koncar, piye prayogamu?
020. MENAK KONCAR : Sembah kawula Gusti Ratu. Menawi
keparengmatur,kita ngawontenaken kemawon sayembara. Kita
biwaraaken kaliyan rakyat Majapahit, sinten ingkang saged ngalahaken MENAK Jingga, badhe nampi bebingah saking Kanjeng Ratu.
021. EMPU JAMBE SABRANG : Kepareng matur Kanjeng Ratu?
022. KENCANA WUNGU : Bapa Jambe Sabrang, mangga...
023. EMPU JAMBE SABRANG : Kula sarujuk kaliyan Adhi Koncar. Nuwun sewuKanjeng Ratu, Adipati Menak Jingga menika sanes janma limrah, anangingkagungan pu saka ampuh.
024. PATIH HARYA LOGENDENG : Huh.... Pusaka ampuh, aku ya duwe
Keris Kyai ( SINIS ) ilik-ithik. Gilo- gilo-gilo .... gedhi
tur dowu.
025. KENCANA WUNGU : Bapa Jambe Sabrang, mangga kalajengaken....
026. EMPU JAMBE SABRANG : Menawi Kanjeng Ratu sarujuk, Bapa
badhe damel pusaka. Sipat kandel, supados kita saged nandhingi Adipati Menak Jingga. Samangke pusaka
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
347