Mas Amri menika. Matur panuwun sakderengipun. Sugeng sonten!
150 Amri : Wah…wah… ratune saiki wis iso krama sithik-sithik (tepuk tangan <prok… prok… prok…>).
ADEGAN 14
MUSIK RINGAN. LAMPU CUKUP TERANG. WONTEN KELAS.
151 Audri : Amri! Nuwun wis ngajari aku basa! Nek ora ana kowe paling aku rung iso basa tekan saiki.
152 Amri : Wis ora usah lebay. Biasa wae to!
153 Audri : Aku neng griyane Eyang dhisik yo…!
154 Amri : Muga-muga ora sida entuk gelar yo!
155 Audri : Nyebai to, malah dongake elek!
156 Amri : Yo ben!
SESUKE… AMRI KETEMU AUDRI.
157 Amri : Piye wingi sida entuk gelar ora?
158 Audri : Huhuhu… bahkan Eyang ora ngarep-arep aku dadi putune meneh!
159 Amri : Opo to untunge nek seumpamane kowe duwe gelar? Jenengmu kurang dawa apa piye?
160 Audri : Ho’o… Tapi aku tetep ora trima. Mung aku dhewe sing ora diparingi…
161 Amri : Lha kuwi urusanmu, saiki kowe kudu golek wong sing gelem melu klubku!
162 Audri : Ora iso, wegah aku. Lha wong aku wae ra sida entuk gelar kok. Kowe ki sakpenake dhewe e!!
163 Amri : Eh, eh, eh sing sakpenake dhewe ki sapa e? Konsekuen dong!!
164 Audri : Yo wegah! Konsekuen apa!
165 Amri : Golek wong sing gelem melu klubku mbak!! Wah mancen ora iso dipercaya wong koyo kowe ki.
166 Audri : Bukanne ora iso dipercaya tapi usahamu wae gagal. Haiyo wegah aku kon golek wong!
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
301