167 Amri : Ora duwe rasa nuwun yo! Wis tak ajari angelangel malah ora diwenehi matur nuwun!
168 Audri : Wah, ora ikhlas iki. Nyesel aku sinau karo kowe Mri! (lunga).
ADEGAN 15
LAMPU REMANG. MUSIK MELLOW. WONTEN TAMAN. AUDRI DITEKANI WONG.
169 Chang : Nyuwun ngapunten mbak kula badhe tanglet?
170 Audri : (mbatin: singkek wae krama) Inggih, mbak ajeng tanglet menapa?
171 Chang : Mbak sinten nggih menika? Mbak menika saged nembang kagem kula, sekedik mawon!
172 Audri : Kula Audri, (mbatin: apa nembang, aku ora ngerti, kudu piye aku) kinten-kinten nembang napa nggih?
173 Chang : Dhandang gula pripun mbak saged mboten?
174 Audri : Sanesipun saged mboten?
175 Chang : Mbak menika tiyang jawi dede? Kok mboten saged nembang?
176 Audri : Hmm, Kula nyu.. wun… nga… pun…ten.
177 Chang : Makane Indonesia mboten maju-maju, la wong warganipun mawon mboten nglestarekaken budayanipun piyambak.
178 Audri : (nangis).
LAMPU MATI. MUSIK PENUTUP. TIRAI DITUTUP.
302
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~