133 Audri : (<mbatin> waduh, kok ndadak nyekel tangan barang)Emange syarate apa?
134 Amri : Seumpamane kowe wis iso basa krama, kowe kudu golek paling ora 30 wong sing minat melu Klubku!
135 Audri : Ha??? (kaget) telung puluh?? Kurang akeh ra kuwi!!! Hmm… Iyolah, daripada ora di ajari.
136 Amri : Wis cukup semono wae. Deal!
137 Audri : Deal!
138 Amri : Kapan arep mulai sinau?
139 Audri : Sesuk nang taman!!
140 Amri : Oke!
ADEGAN 13
LAMPU CUKUP TERANG. MUSIK RIANG. WONTEN TAMAN.
141 Amri : (mbatin) Olehku tangi wis kawanen. Mesti Audri wis nunggu iki! Saktekane ing gazebo perpustakaan.
142 Amri : Nyuwun ngapunten, Dri! Aku telat, aku mau tangi kawanen!
143 Audri : Nyengoh aku nang kene, nunggoni kowe, Mri!
144 Amri : Mulai seko ngendi?
145 Audri : Kuwi mau lho! Nyuwun ngatumpen kuwi artine apa?
146 Amri : O… dudu nyuwun ngatumpen tapi nyuwun pangaputen disingkat dadi nyuwun ngapunten artine kuwi maaf. Kromone saka njaluk pangapura. Uwis?? Nek seumpama penting ditulis!
147 Audri : Ho’o aku wis siap buku karo pulpen kok! Lanjutke! Saking senenge. Ora krasa cah loro kuwi mau wis sinau tekan sore.
148 Amri : Eh, jam piro iki? Petugas perpustakaane wis nesu-nesu dhewe ket mau.
149 Audri : Ho’o Mri! Saiki wis jam setengah limo, nggih pun cekap semanten rumiyin kula sinau kalih 300
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~{{rh|300||~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~}