mbok olehmu omong kuwi rasah mbengokmbengok iso to nduk?
038 Audri: ora ngomong Apa-apa langsung bali nang omahe ora sida menyang kampus malah rada dongkol karo ibune Amri)
039 Marini: Bocah jaman saiki, lagi diajak ngomong malah lunga sakpenake dhewe!
ADEGAN 5
IBUNE AUDRI MLEBU RUANG TAMU. LAMPU CUKUP TERANG. MUSIK KERAS.
040 Tanti : Bu Marini… Bu Marini…!
041 Marini : (monolog) Sapa to kae, kok bengak-bangok.
042 Tanti : Bu Marini menika mboten usah nasehati putri kula. Putri kula mboten usah diatur-atur Bu!
043 Marini : Amargi punika Bu Tanti menika mampir griya kula. Inggih kula nyuwun pangapunten Bu menawi kula sampun damel lepat dening Dik Audri!
044 Tanti : Sesuk meneh deloken Putramu piyambak Bu, mboten mung ngatur Putri kula. Aturen Putramu sing kaya Brandalan kae!
045 Marini : Eh…eh…eh… Putraku dede brandalan nggih Bu, ampun ngawur omong!
046 Tanti : Ora usah didedawa Bu, Sampun pareng!
047 Marini : (monolog) Mrene mung arep nesu-nesu. Ora mutu!
ADEGAN 6
WONTEN KELAS. LAMPU TERANG.MUSIK TENANG. KLUB BUDAYA LAN BASA JAWA NGREMBUG ANGGOTA ANYAR.
048 Dafa : Saiki wis jam piro mas! Esuk tenan anggonmu mangkat (nyindir).
049 Amri : Njaluk ngapura prend aku! Mau ana masalah sithik nang dalan.
050 Agung : Wis, wis! Aku wis gawe brosur, pamphlet karo poster dinggo golek anggota anyar. 294
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
294
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~