051 Dafa: Arep templeke ngendi cah?
052 Amri: Nang sekolah-sekolah, nang perpustakaan,nang Balai Bahasa, nang toko buku, nang ngendi wae iso...
053 Agung: Eh... nang Balai Bahasa dhisik wae piye? Sekalian awake dhewe takon seumpamane akeh bocah-bocah sing gelem melu klub iki.
054 Dafa : Wegah... wegah... males aku! Mengko nda-dak nggo tethek bengek barang. Perlu izinlah perlu ikilah perlu kuwilah. Wektune awake dhewe kuwi mung setithik.
055 Agung : Yo bener, aku sesuk wis kudu ngrampungke skripsi, Amri ngurusi ospek cah anyar, Dafa dhewe kudu ngrampungke penelitiane.
056 Amri : Wis saiki gek dibagi wae pamphlet karo postere. Aku nempleke nang papan pengumuman, Agung mbagi karo cah-cah, Dafa tugasmu ngewangi Agung. Ok!
057 Dafa : Sip!
058 Agung : Siap BosslBocah telu menika wau langsung mencar piyambak-piyambak. Amri wonten ngarep papan pengumuman.
059 Amri : (monolog) Templeke nang kene ketoke wis apik.
ADEGAN 7
060 Audri : Apaan tuh? Klub BasadJawa?? Hah... orapayu nang kene, Mri! Ngimpi!
061 Amri : Wis rasah ganggu aku pisan wae iso ora to!
062 Audri : Santai wae! Paling-paling dadi Klub Kering (nyindir).
063 Amri: Menengo! (nesu). Rasah gawe aku kasar karo kowe mbak!
064 Audri :Ow...0w...0w... aku wedii... (langsung mlayu).
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
295