026 Amri : Walah Bune ki, sampun mikir adoh tenin.
027 Marini: Lha pie to le? Kurang apa? Pisan, bocah kuwi mau wes ayu pindho, Ibu nate ketemu cahe ealah cahe apikan tenan.
028 Amri: Nggih pun bu, kula ajeng nggarap tugas-tugas kula rumiyin.
MUSIK MELLOW AMRI NINGGALAKE IBUNE WONTEN RUANG TAMU. IBUNE AMRI NDLEMING PIYAMBAK WONTEN RUANG TAMU.
029 Amri : (monolog) Kenapa Ibu mikir nganti sakadoh kuwi. Padahal Ibu yo wis tak critani nek aku ki mungsuhe Audri. Kenapa Ibu ora ngerti?
ADEGAN 3
MUSIK RIANG. LAMPU SEDIKIT TERANG. AMRI KETEMU AUDRI WONTEN TAMAN.
030 Amri : Heh! Kuntilanak awan, kok le ne sregep temenan menyang kampus.
031 Audri : Apa kowe biting, apa kowe ki saiki prei? Ndadak ngece barang!
032 Amri : Wo mancen mbak kuntil!!! Ho’o aku saiki prei ngapa? Pengen!
033 Audri : Bitiiiing!!!! Rasah ngganggu aku, apa tak andhake Mbokmu, entek kowe mengko!
034 Amri : We… wanine wadulan, haiyo mbok kana kandhakno ra wedi aku!!
035 Audri : Buneeeeee… (mbengok). Ibu, mau Amri mlumpat seko jendela. Sajake arep lungo ora arep pamitan!
036 Amri : (nutup lambene Audrey supoyo mingkem) karepmu ki opo e? wadulan!! (mlayu sakcepetesa durunge Ibune teka nyeneni)
ADEGAN 4
037 Marini : Piye Nduk ana apa ta? Lha Amrine kuwi endi kok ora ketok. Kowe ki anak bangsawan
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
293