012 Dafa : Nah… ngene iki kan penak, rasah nggo antem-anteman barang, (nyucut)nyebai!!
013 Agung : Wis nek dirampungi semene dhisik piye?
014 Dafa : Njut kon kapan meneh? Bar iki aku ana ulangan e, jo!
015 Amri : Yo uwis semene dhisik lanjutke sesuk!
MUSIK PENUTUP. TIRAI DITUTUP. LAMPU REDUP.
ADEGAN 2
MUSIK PEMBUKA. TIRAI DIBUKA. LAMPU CUKUP TERANG DI RUANG TAMU. ESUK-ESUK, WONTEN RUANG TAMU. AMRI LELENGGAHAN SANTAI KALIH MBIKAK TELPON CEKEL, NGOMBE TEH LAN NEDHA PACITAN SING ANA ING DHUWUR MEJA
016 Amri : Wah… jaman saiki nek dha sms nganggo Basa Inggris ! Padahal iyo wong jowo tulen. Ndak dho kemaki!
017 Marini : Ana opo to le…? Kok nesu-nesu dhewe ki? 018 Amri : Menika lho Bu… kula disms kalih kanca ananging ngagem basa Inggris. Kula menika mboten remen Bu… amargi kanca kula menika wau inggih tiyang Jawi tulen.
019 Marini : Lha nek bocahe ora biasa nganggo basa jawa. Kon ngepiyeke maneh!
020 Amri : Lha nanging nggih mboten usah sok-sokan ngoten lho.
021 Marini : Sapa to le bocah kuwi?
022 Amri : Menika lho Bu, putrinipun Bu Endang Suhartanti ingkang sinau wonten UGM sareng kula nanging piyambakipun fakultas Bahasa Jepang.
023 Marini : Owalah, putrine Bu Tanti! Ealah le… putrine ki ayu tenan… Ibu ra bakal nglarang kowe pacaran karo… sapa jenenge?
024 Amri : Asmanipun Audri Bu,
025 Marini : Ibu ra bakal nglarang kowe pacaran karo Audri kuwi. Wes cocok nggo kowe! 292
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
292
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~