mboten napa-napa. Gendhis iklas, kok Bu. Ingkang baken samenika Ibu sampun muwun.
Pak Danul : ssst . . ssst. . (nyoba ngleremake)
Bu Sugiyem : Ora, aja, Nok. Maina biola wae ra papa.. Ibu nyengkuyung…… setuju. Wis Ibu ora arep preduli karo omongane wong. Sing penting Gendhis seneng. Gendhis seneng, ta Nok? (karo ngelap air matane )
Gendhis : Nggih Bu.. Nggih Pak.
Bu Sugiyem : Ya wis, wiwit saiki Gendhis pareng main biola, pareng tampil ning ulang taun desa.
Gendhis : Saestu, Bu? Matur nuwun, Bu.. Matur nuwun, Pak. (seneng banget)
PAK DANUL MESEM SENENG LAN TERHARU KARO NGERANGKUL BOJO LAN ANAKE.
Adegan 6
Wayah Esuk. Ing taman mburi omahe Gendhis. ( Properti : Lincak,tanam-tanaman, & biola )
Genda: Piye, Dhik. Wis siap tampil?
Gendhis: Oh, ya jelas. Siap banget malah. Hehe…. (ngguyu)
Genda: Hmmh, wingi wae mbesengut, saiki wis mesam-mesem.
Gendhis: Lah, yo piye Mas, mbesengut salah, mesem salah. . Salah wae kabeh (wangsulane Gendhis karo kemayu)
Genda: Ora….Ora, Cah ayu. Mas seneng kowe seneng. Mbok wiwit biyen kaya ngene iki. Makin tresna Mas karo kowe. .
Gendhis : Hah ! Apa, Mas? (kaget banget)
Genda : Hahaha, Ekspresine ra sah kaya ngono. Mas wis matur kok karo wong wong tuwamu.
Gendhis : Hah! matur apa, Mas ?
Genda : Ya matur menawa Mas arep nglamar kowe, Cah ayu.
Gendhis : Hah?! Apa Mas?!
288
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~