Genda: Heh, hah, heh, hah, heh wae. Ya, Mas wis nembung kowe lumantar wong tuwa mu. Jujur saka telenging atiku. Hehe. Ming ya wis ora papa.Saiki kowe gelem ora?
Gendhis: Hehehe, (mesem-mesem isin). Ya……gelem. sih Mas.
Genda: Gelem……?? Gelem apa….., ki?
Gendhis: Malah balik takon…..ya gelem lah duet main biola karo sliramu, kang Mas.
Genda: Hah??! Mung duet mainne, thok!
Gendhis: Yo., piye yo mas.. (sajake mikir) Hmm……ya Gendhis gelem duet salawase Mas karo aku, nganti kaken-kaken lan ninen-ninen he..he.. he… (ngguyu sajak isin) Ayo gek ndang digesek biolane.
Genda: (mesem-mesem) ya ayo. Hahaha…..
GENDHIS DITUNTUN DENING GENDHA
Pak Danul: Seneng, ya Bu ndeleng anake seneng.
Bu Sugiyem: Iya, Pak. Seneng temenang lan mongkog aku bisa dadi Ibune Gendhis.
Pak Danul: Hmmm, mbok ngene wae ya Bu selamane…he..he…he….(karo njiwit pipine bojone)
Bu Sugiyem: Mah ngapa??!
Pak Danul ,
Bu Sugiyem: Hahahaha
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
289