Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/308

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

biola wae, kesenengan sing dak bisani kok ugadilarang….(Hiks..Hiks..) Ming..Pak, Bu, kanggo Gendhis, musik ki cen ra isa di delok, ming isane dirungokke lan dirasakke. Gendhis ki wuto, ming Gendhis isih isa ngerungokke, isih isa ngerasakke. ( hiks.. hiks..) Apa ya susah tenan ta, ya Pak, Bu, mujudake kesenengane Gendhis siji iki wae, barang kang mung bisa dak rasakke nganggo atiku? ( hiks.. hiks.. ) Ming nek Bapak karo Ibu isin tenan karo kahananku, yo wis,, Gendhis tak neng omah wae kaya apa karepe Ibu.. ( hiks.. hiks..)


Pak Danul :Wis Bu? Wis lega nglarani atine anake dhewe? Wis dirungokke omongane anake? Janjane ngapa, to Bu? Anak seneng kenapa mi ndak boleh?

Bu Sugiyem :Hkkkh, aghh (hela nafas) hiks.. hiks. . (nangis) Gendhis, apuranen Ibu, ya Nok. Ibu, ki pancen wis banget ngelarani atimu. Gendhis nek arep nesu karo Ibu ya ora papa. Ibu terima, Nok.

Pak Danul : ssst.. ssst.. Bu, Sudahlah Bu..

Bu Sugiyem : Ora Pak, , ( hiks.. hiks.. ) Ibu ki pancen salah ora ngomong iki saka wiwitan. (hiks.. hiks..). sejatine Ibu ra isin nduwe anak wadon sing kahanane kayaGendhis. Tenan..Ibu ki wong sing paling bangga sajane pas ngerti Gendhis isa mainke biola. (hiks.. hiks..) Mung Ibu…. Ibu ora bisa. Ora bakal terima menawa wongwong liya ngenyek Gendhis amarga kahanene iki. Ibu ora tega, Nok… (huuuuuuu…… nangis sora)

Gendhis : Ibu..? Ibu,, Gendhis ra papa, Bu. Gendhis bersyukur diciptake kaya ngene iki dening Gusti. Ora papa, Bu.. Tenan..Ra sah nangis, ta Bu.

Bu Sugiyem : Ora, Nok, Ibu pancen egois,, Ibu pancen….. pancen….. (huwaaa. . huwaaa)

Gendhis : Sampun, Bu…..sampun muwun malih. Menawi Ibu mboten pareng Gendhis main biola njih

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

287