54. BAGAS : Iyo lah
55. RITA : Aku ki yo tresno karo kowe mas
56. BAGAS : Nah ngono loh..jawabe kan nyenengke.. hehehe
57. RITA : Yo siph lah
58. BAGAS : Yowis saiki ayo dolan dek
59. RITA : Dolan nendi mas?
60. BAGAS : Neng omah ku
61. RITA : Arep ngopo neng omah mu? Aku wedi mas
62. BAGAS : Wedi opo? Ra ono setan kok.
63. RITA : Udu kuwi mas sing tak wedeni
64. BAGAS : Lha opo?
65. RITA : Aku wedi di seneni bapak ku
66. BAGAS : Ora ora dek
67. RITA : Ora ora piye mas...kowe kan udu bapak ku
68. BAGAS : Rasah wedi to dek. Nek di seneni aku wis sing nanggung
69. RITA : Tenan lho mas
70. BAGAS : Iyo...iyo rasah wedi. Gek ayo mangkat
71. RITA : Yo..ayo..
BABAK IV
RITA BALI DITERKE BAGAS.RITA MLEBU NING KAMAR.BAPAK NUTUTI.
72. BAPAK : Seko ngendi wae? Cah wedok dolan seko awan nganti bengi. Ra wangun nek di delok tanggane
73. RITA : Yo dolan pak ning omahe konco ku
74. BAPAK : Konco mu sing endi? Koyone bapak durung tau ndelok konco mu sing ngeterke kowe bali iki mau. Kuwi dudu konco sekolah mu to?
75. RITA : Pancen udu kok. kuwi konco ku sing anyar
76. BAPAK : Kowe ki nek di kandani bapak ojo ngeyel to. Karo wong tua kok ora basa.
77. RITA : Lah basa piye sing di karepke bapak?
78. BAPAK : Yo nek omongan karo wong tua ki sing alus ora ngono kuwi
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
273