34. RITA : Nggih bu
35. IBU : Ora ming waton ngomong nggih lho nok. Ibu ki ngandani tenanan supaya kowe ora salah dalan.
36. RITA : Lha kula diken kepripun to bu?
37. IBU : Lo piye to kowe ki di kandani kok malah ra di rungokke. Makane....
38. RITA: Hasshh....mbuh bu. Aku arep mangan saiki.
39. IBU : Di kandani ibu ne kok malah mbuh. Mbok sing sopan karo wong tua ki. Yowis gek mangan.
BABAK III
SAKWULAN KEPUNGKUR.BAGAS LAN RITA KANGSENAN AREP KETEMU NING KEBON.
40. BAGAS : Wis suwi dek sing nunggu?
41. RITA : Uwis.kowe suwi bangete.ngopo wae je?
42. BAGAS : Yo maaf mau dalane macet je.Rit aku arep ngomong karo kowe
43. RITA : Yo..arep ngomong opo mas? Gari ngomong kok repot.
44. BAGAS : Aku tresno karo kowe Rit. Opo kowe yo tresno ro aku?
45. RITA : Duh....ngopo kudu ngomong kuwi mas?
46. BAGAS : Lho opo salah aku ngomong sing sak tenane?
47. RITA : Yo ora salah nanging kecepeten nek ngomong saiki.
48. BAGAS : Lha opo bedane saiki karo sesuk?
49. RITA : Yo bedo.no mas. Nek sesuk awak dewe wis kenal luweh suwi. Lha nek saiki kenale lagi sedilit to.
50. BAGAS : Walah dek. Tresno ki ra kenal saiki opo sesuk. Yen pancen kowe tresno karo aku. Ora dadi masalah nek awak dewe lagi wae kenal.
51. RITA : Emm....
52. BAGAS : Piye Rit jawaban mu?
53. RITA : Kudu saiki mas jawabe?
272
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~