79. RITA: Nggih pak kula njaluk pangapuro
80. BAPAK: Nah ngono kan penak di rungokke. Tak kandani yo nok. Nek cah wedok ki ora apik dolan nganti bengi opo meneh karo cah lanang. Engko nek ono opo-opo piye?
81. RITA: Enten nopo-nopo pripun to pak?
82. BAPAK : Kowe wis gede. Kowe mesti ngerti opo sing bapak maksud
83. RITA : Nggih pak
84. BAPAK : Nek di kandani wong tua ki ngugu ojo njawab terus
85. RITA : Nggih
86. BAPAK : Ora ming nggih wae
87. RITA : Lha pripun to karepe bapak?
88. BAPAK : Yo kowe ngugu nek kandani wong tua
89. RITA : Nggih pak
90. BAPAK : Yowis....gek turu
BABAK V
NING KAMAR BAPAK LAN IBU NGOMONGKE RITA
91. BAPAK : Bune...Rita saiki kok tambah ngeyel yo. Nek di kandani koyo ra ngormati aku meneh
92. IBU : Ah...ora pak. Rita bocahe ora koyo ngono kuwi.deke nggugu kok pak nek di kandani
93. BAPAK : Nggugu piye. Nek di kandani njawab terus
94. IBU : Yo..nek di takoni yo mesti njawab to pak mosok yo meneng wae
95. BAPAK : Kok anak mu mbok belani teruse bune,...
96. IBU : Jenenge we anak. Yo mesti di belani to
97. BAPAK : nanging bune ki mbelani Rita. sakjanjane Rita ceto salah
98. IBU : Salah piye to pak? Wong Rita ora ngopongopo kok
99. BAPAK : Wis lah bune...bocah koyo ngono ki rasah dibelani terus
100. IBU : Eling pak. Rita anake awak dewe. Anak semata wayang. Mbok bapak sing sabar
274
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~