Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ing Mesir cara iki wis dikenal wiwit abad kaping 4 SM. Bab iki kacetha kanthi ditemokake kain kanggo mbungkus mumi sing dilapisi malam kanggo nemtoake wujud utawa pola.

Dene ing Indonesia dhewe batik asale saka critane jaman simbah-simbah buyut. Ing Indonesia batik dikenal kurang luwih wiwit abad XVII, nanging biyen anggone nggawe batik ora nganggo kain nanging nganggo godhong lontar. Wektu kuwi corak utawa motif batik isih awujud kewan lan tanduran ora kaya saiki sing wis akeh werna-wernane. Salaras karo lakune jaman anggone yasa batik, corak lan wujude wiwit owah.

Cikal bakal batik Bantul ana gandheng cenenge karo kraton Majapahit lan kraton sabanjure. Ing pirang-pirang tulisan disebutake menawa pakaryan mbatik kelakon ing jaman kraton Mataram, banjur nglereh ing jaman kraton Surakarta lan kraton Ngayogyakarta. Wektu kuwi para putri keraton direwangi para abdi dalem sing nindakke pakaryan batik. Mulabukane batik digarap kanggo keluarga Keraton wae lan asile kanggo agemaning raja lan keluarga serta para abdi. Nanging sing pada nganggo batik ing kraton saya suwe saya akeh. Sahingga selaras karo lakune jaman, tradisi mbatik wiwit metu seka lingkungan Keraton. Ora mung kuwi, sarehne akeh para abdining raja sing manggon ana ing njaban Kraton, mula kesenian batik iki digawa metu dening para abdianaing njaban kraton lan digarap ing omahe dhewe-dhewe.

Ing ndhuwur uga wis diterangke menawa jenis lan corak khas batik Bantul iku werna-werna. Miturut jenise, batik Bantul ana batik cap lan batik tulis. Biasane rega batik tulis uga luwih dhuwur tinimbang batik cap, amarga cara lan prosese anggone nggaweluwih ruwet lan dawa sertambutuhake wektu sing luwih akeh. Motif batik Bantul ora sabaene motif. Saben motif duwe makna dhewe-dhewe. Umpamane Sido Asih duwe makna wong sing nganggo tansah kapenuhan rasa tresna asih ing keluarga.

Truntum ateges tresna kang tansah tumuwuh. Lan isih akeh meneh liyane. Motif batik Bantul liyane sing misuwur contone Gringsing, Truntum, Galaran, Kembang Mawar, Kewan lan liya-liyane

14

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~