Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Batik uga di bedakake saka wujude. Ana batik tradisional lan batik modern. Batik tradisional cirri-cirine ragam hias utawa motif nggunakake bentuk geometris, pagoda, barong. Ragam hias utawa motif sing dianggo nduweni teges simbolik lan uga nduweni cirri kang mligi saka tlatah tartamtu. Warna sing dianggo racake peteng. Batik modern nduwe ciri ragam hias utawa motif wujud kewan, kembang, lan motif-motif bebas. Ragam hias utawa motife ora nduweni teges simbolik. Warnane bebas lan padhang upamane abang, biru, ungu lan liya-liyane. Ragam hias sing dianggo uga ora nduweni ciri khas daerah asal.

Sawise diputusake dening UNESCO miangka warisan budaya dunia saka Indonesia, batik uga sangsaya moncer. Pamarintah Indonesia lan sedaya warga uga sangsaya grengseng ngenalake lan nglestarekake batik. Contone saiki akeh sekolah-sekolah sing nggunaake batik minangka seragam khusus. Ora mung sekolah-sekolah wae sing nganggo batik, akeh instansi-instansi pemerintah sing uga nganggo batik.

Program nglestarekaake batik ora mandheg ing kono wae, wiwit tahun ajaran 2010/2011 ing Bantul Ngayogyakarta ndadekake batik miangka program studi alias mlebu ing KBM utawa Kegiatan Belajar Mengajar.

Contoh motif batik bantul

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

15