Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Fitria Hidayatu Attoyibah

SMA Negeri 2 Banguntapan

BATIK AGEMAN SING BECIK

Jaman saiki kita ora perlu isin menawa lunga-lunga nganggo batik, amarga wiwit tanggal 2 Oktober 2009 batik wis diputuske dening UNESCO dadi budaya dunia seka Indonesia. Tembung nganggo batik tegese kuno, ora jaman lan nduweni teges arep lunga ning kondangan wis ora jaman meneh. Saiki sing ana mung aku tresna marang batik, aku arep ngupakara lan nglestareake batik. Cah nom ora sah gengsi nganggo batik maneh sing ana kudune bombong amerga budayane negarane dhewewis misuwur tekan manca nagara.

Batik yaiku warisan budaya asli Indonesia. Batik uga mujudake seni lukis sing nggambarake sawijining motif utawa corak ana ing kain kanthi migunakake lilin utawa malam lan nganggo piranti canthing. Tembung batik kuwi dhewe asale saka tembung jawa “Amba” sing tegese nulis utawa nitik. “Kamangka batik Bantul dhewe ora beda adoh seka batik liyane” mengkono tembunge bu Ika salah sawijining pengusaha batik Bantul sing ora iya penerus lan putune pengusaha batik Dirjo Sugito. Bedane atik Bantul nduwe ciri khasing perangan warna lan motif. “Batik Bantuluga nduwe kaluwihan yaiku nduwe motif sing akeh, kainne alus lan bisa digawe klambi utawa bisa dianggo minangka jarik.” Tambahe bu Ika.

Seni menehi warna ing kain lan cara supaya ora kelunturan kanthi migunakake malam yaiku salah sijining bentuk seni kuno.

-Bantul Sangsaya Pinunjul-

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

13