02. Jaka Ngiyub : (Jaka Ngeyub ndhelik ing mburi uwit lan sumlengeren meruhi widodari), “Weleh-weleh…………!!! Ayu tenan bocah kae!”
03. Nawang Dina : (nyambi grasake apike pemandangan).”Wah…!! Pancen donya kuwi endah!”
04. Nawang Menit : (judes lan ngremehake).”Lha yo, biasa wae......”
05. Nawang Tahun : (ora krasan lan risih marang papane).”Eh…, neng papan jenes ngene kok! udan, meneh.”
06. Nawang Detik : (Karo nudhingi banyu grojogan). “Dek ……, kuwi dudu udan, neng grojogan banyu gunung.”
07. Nawang Minggu : “Piye, piye……, kuwi jenenge air terjun Nduk……”
08. Nawang Jam : “A….a…….a. a…air terjun……”
09. Nawang Menit : “Udah, wes ribut wae. Yuk gek adus wae!”
10. Widadari enem: “Ya…ya..Ayuk…..!”
ADEGAN 3
(Widodari pitu iku padha adus, sabanjure Jaka Ngeyub ngindhik ing mburi wit lan nyolong slendang widadari kuwi mau)
ADEGAN 4
Jaka Ngeyub isih ing mburi wit, nyambi ndelekake slendang, sawise para widodari adus, banjur padha nggoleki mendet slendange dhewe-dhewe.
11. Para Widadari : ( karo nggoleki slendang dhewe-dhewe) Wah, seger ya….!
12. Nawang Wulan : (bingung nggoleki slendange), Lho endi slendhangku?
13. Nawang Tahun : (uga bingung nggoleki lendange kang uga ilang),Hah….. slendangku uga ilang. Neng endi,.………..3 x{{rh|~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~||241}