Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/263

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

14. Nawang Jam : (Nyedhaki Nawang Tahun lan omongan kanthi swara gagap). La...la..la... mau dide...de....de...leh neng di?

15.Nawang Tahun : Mau takdekek kene je, mosok takdekek lemari.

16.Nawang Dina : Ya wis, ayo gek digoleki wae...yooo! (Widodari cacah pitu padha nggoleki slendange Nawang Wulan lan Nawang Tahun ingkang ilang)

17.Nawang Menit : Rasah melu goleki, lha sing ilang dudu slendange awakke dewe kok..

18.Nawang Minggu : Ning kene gak ana je, apa keli ya....?. Yo diturut yo...,.nek ketemu barang mengko....

19. keenam Widadari : Ya… ya…ayuk………..!!! (Widodari pitu metu seka panggung)


ADEGAN 5

KEPITU WIDADARI KUWI MAU TERUS NGGOLEKI SLENDANGE NAWANG TAHUN LAN NAWANG WULAN. JAKA NGIYUB METU SEKA MBURI PENDELIKANE MAU SAKA MBURI UWIT. (JAKA NGEYUP NJOGET KARANTEN SENENG ENTUK SLENDANG WIDODARI.)

20. Joko Ngiyub : (Jaka Ngiyub nggoceki slendang lan gumun. Ora nyono slendang sing dicolong ana loro). Lho kok ana loro?? Perasaanku mau siji je.


ADEGAN 6

21. Genter : (Genter ketemu Jaka Ngiyub). Hallo prend .....!

22. Jaka Ngiyub : (ngguya-ngguyu) Hallo ………Ter!

23. Genter : Ngopo kowe neng kene?

24. Jaka Ngiyub : Aku bar golek kayu obong.

25. Jaka Ngiyub : Lha aku ra etuk jatah konfersi gas seko pemerintah kutho. Pemerintah ra adil.... Lha kowe dewe seka endi?

242

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~