SWASANA
Swasana ing dalem cerita inggih punika:
Adegan 1 : swasana enjing ingkang asrep lan anteng
Adegan 2 : swasana kaget lan seneng
Adegan 3 : swasana seneng ( pitu Widodari) lan tegang (Jaka Ngiyub)
Adegan 4 : swasana tegang lan kebak emosi
Adegan 5 : swasana seneng
Adegan 6 : swasana seneng
Adegan 7 : swasana rumaket
Adegan 8 : swasana tegang
Adegan 9 : swasana usreg lan kebak emosi
Adegan 10 : swasana tegang
Adegan 11 : swasana lan ngeres-eresi
Adegan 12 : swasana ngagetake, romantis,
SETTING
Drama ini migunakake setting:
a) Ing kayangan lan alas (wana)
b) Wektu: sore nyedaki wayah bengi
ADEGAN 1
ING TENGAH WANA
Jaka Ngiyub : (Jaka Ngiyub mikul kayu lan banjur diselehake. Sabanjure, dheweke masuh raine, ing grojogan, banjur leren kambi leyeh-leyeh), banjur grenengan dhewe, “Weleh-weleh !! Urip jaman saiki kok susah banget. Kabeh-kabeh larang, BBM mundak, malah saiki dikongolek kayu bakar. Gek ngalase wis gundul sisan. Woalah gusti-gusti.”
ADEGAN 2
SWARA ANGIN GEMRUDUK MBARENGI METUNE WIDADARI PITU SEKA KAYANGAN LAN KANTHI JEJOGEDAN. SATERUSE JOKO NGEYUB,NDHELIK ING SAMBURINING WIT-WITAN
01. Widadari : (widodari sumlengeren marang kaendahan donya lan sesawangan ing sakiwa- tengene banyu kang gemrujug iku,”Wah……….!!!”
240
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~