45. WARGO 3 : Yu…. yu… Madi……. kowe reti ora yu (karo mlayu- mlayu)
46. WARGO 2 : Ana apa… ana apa…..???
47. WARGO 1 : Le ngomong ki mbok sek cetho ana apa Man Pariman??
48. WARGO 3 : Ana … ana… ana…..
49. WARGO 2 : Ana apa …??
50. WARGO 3 : Ana Babi kang nyolongi woh-wohan yu, neng kebone awake dhewe
51. WARGO 2 : Kowe ki tenane?? Babine sapa??
52. WARGO 3 : Tenan yu aku ora ngapusi, nanging aku ora reti kuwi babine sapa??
53. WARGO 1 : Wo... Babi, aku reti kuwi mesti babine Mbah Darmo kuwi. Wargo kampung kene sek duwe babi rak yo mung Mbah Darmo to?
54. WARGO 2 : Banjur awake dhewe kudu kepiye iki?
55. WARGO 1 : Mending lapor nggone pak RT yu
56. WARGO 3 : Hooh yu ayo bareng-bareng Engko bareng-bareng nggrebek omahe Mbah Darmo
ADEGAN IV ANA ING NGAREP OMAHE PAK RT
57. WARGO 3 : Yu, le mlaku dicepetke ayo men gek ketuk.
58. WARGO 2 : Iyo sabar, wis, arep ketuk we kok le kesusu.
59. WARGO 3 : Pak.... Pak RT Pak Pak RT kulo nuwun. (dumadaan bu dukuh liwat)
60. PAK RT : Nggih wonten napa?
61. WARGO 3 : Badhe laporan pak, laporan kemalingan.
62. BU DUKUH : Nyuwun sewu nyelo pangandikan, ana apa iki rame-rame?
63. WARGO 2 : Wah iki Man mumpung ono bu dukuh barang.
206
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~