64. WARGO 3 : Ngeten lho buk, wau niku kulo niliki kebon, benjang enjang rak panen bu. Nanging kulo tansah kuciwo.
65. PAK RT : Kuciwo kena apa?
66. WARGO 3 : Kuciwo amargi woh-wohan ingkang wonten kebon dicolongi babi Pak.
67. BU DUKUH : Babine sapa Man?
68. WARGO 2 : Babinipun Mbah Darmo.
69. BU DUKUH : Kok isa koyo ngono pituduhmu?
70. WARGO 1 : Nganu Bu, ingkang gadah babi wonten kampung niki niku namung Mbah Darmo.
71. WARGO 3 : Pripun niki Pak?
72. PAK RT : Yo wis, yen ngono, saiki ayo di grebek bareng wae.
73. WARGO 2 : Nggih Pak, kulo setuju sanget, ayo... ayo...
74. WARGO 1,3 LAN BU DUKUH : ayo... ayo...
ADEGAN V
OMAHE MBAH DARMO TANSAH RAME DI GREBEK PARA WARGO
75. MBAH DARMO : Piye mau le pada nyolongi woh-wohan warek durung?
76. BABI 1 : Niki Mbah sampun dho warek.
77. MBAH DARMO : Wo yo syukur nek ngono, kono gek dho mapan turu. (dumadan poro wargo podo teko)
78. WARGO 2 : Mbah Darmo Mbah Darmo metuo
79. WARGO 3 : Mbah Darmooooo
80. PAK RT : Mbah Darmo
81. MBAH DARMO : Onten napa iki rame-rame?
82. BU DUKUH : Wallah Mbah, mboten sah sok-sokan ora reti
83. WARGO 1 : Iyo Mbah, ngaku wae
84. MBAH DARMO : Ngaku napa kula salah napa?
85. WARGO 3 : Kowe ki Mbah sok-sokan ora reti padahal kowe dhewe ta sek akon ba-
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
207