Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/226

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ADEGAN II

ANA ING SAWAH BABINE MBAH DARMO NYOLONGI WOH-WOHANE PARA WARGO KANG CETHIL

26. BABI 3 : Rene-rene cepet iki luweh okeh woh-wohane ono duren sawo, lan rambutan

27. BABI 1 : Sikek tunggu

28. BABI 4 : Neng kene ya akeh lho…. ono peleme barang

29. BABI 1 : Ayo digawani muleh wae ya salong

30. BABI 3 : Aku setuju

31. BABI 2 : Awak deweki njipuki woh-wohane uwong ora nembung kui jenenge maling ta..?

32. BABI 4 : Hooh pancen awak dewe maling lha ngapa?

33. BABI 2 : Maling niku rak ya doso ta konco-konco

34. BABI 3 : Uwis ra papa sek penting warek, koruptor kae sek wetenge da wareg we ya pada nyolong kok!!

35. BABI 4 : Hooh Babi loro kowe ki menengo!!!!

36. BABI 1 : Dalam hal ikhwal kegentingan yang memaksa nyolong ya ra papa. Wis... wis yo gek cepet, nek wis warek ayo gek lungo ndak konangan.


ADEGAN III

ING DALAN KAMPUNG WARGO PODHO OPYAK NGOMONGKE BABINE MBAH DARMO

37. WARGO 1 : Sugeng sonten yu Madi

38. WARGO 2 : Sugeng sonten

39. WARGO 1 : Badhe tindak pundi yu?

40. WARGO 2 : Iki arep menyang warung tuku uyah

41. WARGO 1 : Wallah yu Madi nek aku ya ra lefel neng warung, mbok nang super market ana Alfamart, Indomaret, Indogrosir, garek milih.

42. WARGO 2 : Mung arep tuku uyah we kok adoh-adoh

43. WARGO 1 : Ra papa yu ana diskon lho yu limolas persen

44. WARGO 2 : E…ora nggolek diskon-diskonan tenih nek kabeh uwong koyo kowe kuwi sethitik-sethitik neng supermarket, warong-warong padha bangkrut.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

205