013. SULEMUKADAR: Lha nek ngene iki pye bal-balane awake dhewe arep maju, FAFI-ne we telat!
014. JOKORENEYO: Wong niki mawon tesih jam 7 kirang kok
015. SULEMUKADAR: Lha arep mulai jam pira kesuen, tenan
016. AGUNGGELAR: Jam7 pak
017. SULEMUKADAR: Lha kok neng undangan jam setengah 7? eh ngapa jew Erafin karo Teorge ki ora di loloske salahe apa?
018. AGUNGGELAR: Lha niku di engge persiapan je pak,lha wong Erafin kalih Teorge niku mboten lolos kok Pak!
019. SULEMUKADAR: Lha ora lolos kepriye, wong komite sanding we ngloloske kok
020. AGUNGGELAR: Lha ning kan keputusane Komite Kurmalisasi mboten lolos, lha dasaripun status PSSI kalih FAFI je pak!
021. SULEMUKADAR: Ya ora isa ngono ta, Komite Kurnalisasi ki ora ana hubungane, nek Komite exsekutif nah kuwi wewenange!
022. JOKORENEYO: Lha njenenganiku maos mboten ta surat FAFI nomer 7?
023. AGUNGGELAR: Ngih Pak! Sadurunge nesu-nesu niku di waos riyen?
024. SULEMUKADAR : Lho iki wis tak waos kok oke aku setuju yen Erafin ora lolos lah nek Teorge apa hayo?
025. AGUNGGELAR: Lha nek Teorge niku tesih anggota TNI pak gih mboten pareng
026. SULEMUKADAR: Weh ya ora isa sing penting kan pas wayahe tugas wis pensiun.
027. JOKORENEYO: Lha sakniki dereng pensiun kok pripun je njenengan niku
028. SULEMUKADAR: Sing aneh niku gih njenengan lha wong le dados ketua ngenjang, kok
mboten sakniki
168
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~