029. AGUNGGELAR : Weh wong mboten lolos kok ajeng dadi ketua, pripun niku
030. SULEMUKADAR : Lha kudune lolos kok, wong kae nglakoni kaya ngana mergane kepengin bal balane awakdhewe maju kok di larang
031. AGUNGGELAR : Nggih kula ngertos pak nek niku di engge bangsa, lha nanging
032. SULEMUKADAR : Nanging ora lolos iya ta, lha njenengan niku malah mbela FAFI mboten negarane dhewe kok pak
033. AGUNGGELAR : Lha kula mboten bela
034. SULEMUKADAR : Mboten bela napa, nek bela niku gih di loloske nuh pak Teorge
035. AGUNGGELAR : Gih mboten saged ta pak
036. SULEMUKADAR : Ya ateges mbela
037. AGUNGGELAR : Ya ora lha niku wis peraturan Pak!
038. SULEMUKADAR : Wong FAFI dhewe alesane ya ora jelas ngono kok neng surate
039. JOKORENEYO : Nggih mulane ampun protes kalih Komite Kurmalisasi
040. SULEMUKADAR : Loh lha iya kan sing makili Indonesia ki Komite Kurmalisasi, ya kudune njaluk kejelasan FAFI
041. AGUNGGELAR : Kula wingi sampun mrika teng swiss, nanging FAFI tetep kukuh kok kalian surat nomer 7!
042. SULEMUKADAR : Ya ateges FAFI kuwi ora adil, kaya ngono kok di hormati
043. JOKORENEYO : Lha nek mboten gih mengke keneng sangsi to pak?
044. SULEMUKADAR : Nah iki eleke Komite Kurmalisasi, senengane meden-medeni warga nganggo hukuman ora entuk tampil ning sea games
045. AGUNGGELAR : Lha nyatanipun ngih kados niku kok pak sampun enten buktinipun
sea games
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
169
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
169