ADEGAN I
RUANG PATEMON KONGGRES
001. AGUNGGELAR : Sugeng enjing
002. JOKORENEYO : Sugeng enjing, sugeng enjing, sugeng enjing
003. SULEMUKADAR : Sugeng awan wis ora usah kesuwen gek di bukak kongrese, kakehan cingcong
004. JOKORENEYO : Sabar Pak!
005. AGUNGGELAR : Ya mengko sik aja kesusu Isepbetter durung rawuh
006. SULEMUKADAR : Walah iki kongrese awakdhewe ndadak ngenteni kae landa telatan
007. JOKORENEYO : Nggih sabar ta Pak! wong niki nggih dereng wektune mulai kongres kok
008. SULEMUKADAR : Durung wektune apane, deleng ki jam pira saiki wis awan
009. AGUNGGELAR : Lha nika niku sing ngawas kongrese kita sedaya je Pak!
010. JOKORENEYO : Nggih kula setuju niku Pak! Mbok mboten usah kesusu
011. SULEMUKADAR : Lha kula niku bingung, wong telat kok dibela, apa kowe diwenehi arta? piro??
012. AGUNGGELAR : Walah Pak, mbok nek ngendikan niku lho Pak sing alus
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
167