38. SUMEJO: Oh kok abot tenan syarate.
39. DHULGENDHU: Lha nek ngeteniku syaratipun kang.
40. SUMEJO: Salawase aku durung tau pasa, apa maneh kudu turu ning kuburan, mengko nek ketemu ...? hii mrinding gitok ku..”
41. DHULGENDHU: Pie kang kuk sajak mangu mangu?”
42. SUMEJO: Hiiiiii........!!!
43. DHULGENDHU: Wis taa, kowe wong lanang ora perlu wedi, nek aku isin yen nganti wurung
44. SUMEJO: Ora kok wedi Dhul..
45. DHULGENDHU: Lha ganeya ? ngapa hi.hi.hi wae.
46. SUMEJO: Ning apesing awak nek mengko sing godha udu bangsaning dhemit ning macan temenan.
47. DHULLGENDHU: Godha genti kang..he.he.he.
48. SUMEJO : Mbah mu Dhul diKlethak engko ndasku, njur bojoku dadi randha anak anak ku sing ngopeni sapa..
49. DHULGENDHU : Owalah kang , mbok mboten sah kakean miker aneh anehipun..niat nggayuh kamukten tohening pakti..
ADEGAN III
SUMEJO NEKANI KUBURAN PUTHUK TUNGGENG.ING KUBURAN SUMEJO DITEKANI NINI-NINI AWAKE WUNGKUK , RAMBUTE MADHUL MADHUL, NYANGKING TEKEN KARO GUMUYU LEKEK LEKEK.
50. NINI : Heeh,Heeeh,heeeeh...kowe nduwe penjalok apa !” heeeh heeeh...
51. SUMEJO : Ku .. ku... kula( keweden ) kepengen sugeh mbah?
52. NINI : Saranane abot ..apa koe bisa nglaksanani ?”
53. SUMEJO : Mundhut napa mawon kula saguhi mbah waton bisa urip kepenak napa napa keturutan..”
54. NINI : Kowe mantep tenan , ora bakal getun ?”
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
161