55. SUMEJO : Pun ta mbah , Estu mbah , kula mboten ngapusi .?
56. NINI : Saranane saben taun kowe kudu kirem jago utawa babon ,ngerti ..!!!!
57. SUMEJO : Kula saguh mbah , gampang nek mung jago utawi babon.. niku barang sepele.
58. NINI : Temenan aja mbLenjani ,wes kana bali...bali , klakon klakon Rindhik asu dighitek Sumejo ninggalke kuburan puthuk tunggeng kanthi athi merem kebhak pengarep.
ADEGAN IV
59. DHULGENDHU : Pripun kang kabare, pun kasil napa kuk sajak sumringah seneng.
60. SUMEJO : Wis beres Dhul .
61. DHULGENDHU : Sukses kang ?
62. SUMEJO : Gene mung sepele bae, pokoke yen bakalan kelakon kowe rasah susah buruh nyupir maneh
63. DHULGENDHU : Bab iku gampang bisa dirembug, rikala nepi teng kuburan diweruhi napa mawon kang?
64. SUMEJO : Wah werna werni Dhul...nek aku rawedi, nek kowe sek nglakoni mesti mati ngadeg..ha.ha..!!
65. DHULGENDHU : Weleh weleh , ngece kowe sajake ki kang..
66. SUMEJO : Nyatane ta Dhul .hehe..Yowis Dhul tak bali dipek
67. DHULGENDHU : Ya ngati ati mawon kang , wedeni genthi menawi kepethuk...he.
68. SUMEJO : Kepethuk apa...? demet pa ? ra wedi
69. DHULGENDHU : Demite sing wedi karo kang mejo . ha.h.ha.
70. SOEMEJO : Gundhulmu Dhul...
162
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~