Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/181

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

13. SUMEJO : Lha ...ya apa?

14. DHULGENDHU : Teng dukun kang..!

15. SUMEJO : Haaah...apa Dhul..!!!

16. DHULGENDHU : Sssssttt...!!! Aku duwe kenalan dukun jenenge mbah jenggot

17. SUMEJO : Apa bisa dukun kemau mulyakake uripku..

22. DHULGENDHU : Kathah uwong menawi sampun wangsul saking griyanipun mbah jenggot kathah hasil ingkang dipun arep arepake...”

23. SOEMEJO : Ya nek ngono gawa aku nenggone mbah jenggot.


ADEGAN II

OMAH MBAH JENGGOT KAMAR TENGAH .. KATON PIRANTI DUKUN UTAWA KEMBANG MENYAN SAK UBO RAMPENE. BENGI BENGI SENAJAN PADANG REMBULAN SOEMEJO LAN DHELGENDHU MARANI OMAHE MBAH JENGGOT,

24. SOEMEJO + DHULGENDHU: Kula nuwun mbah

25. MBAH JENGGOT : Sapa.

26. DHULGENDHU : Aku mbah Dhul..”

27. MBAH JENGGOT : Mlebu..!!!”

28. DHULGENDHU : Nyuwun ngapunten mbah ngganggu.

29 . MBAH JENGGOT : Arep ana perlu apa?

30. DHULGENDHU : Niki mbah rencang kula badhe pengen jalok tetulong kaliyan simbah.

31. MBAH JENGGOT : Tulung apa??

32. DHULGENDHU : Pengen urip mulya mbah..”

33. MBAH JENGGOT : Nanging ana syarate ..

34. SOEMEJO : Apa niku syarate mbah?”

35. MBAH JENGGOT : Kowe kudu nekani kuburan Punthuk Tunggeng

36. SUMEJO : Haa...apa mbah...... apa mboten enten sarana liyane mbah..!”

37. MBAH JENGGOT : Lha kui syarate nak pengen urep mulya... Soemejo nampa dhawue mbah

jenggot radha miris batine....

160

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~