ADEGAN I
99. ANGGUN : Assalamu’alaikum,,Pak,,,Mbok!! (Salaman karo Bapak Simbok)
100. LEZANO : Bu,,,Pak ( Salaman karo wong tuwane Anggun)
101. BAPAK : Saka ngendi Le, kok yahmene lagi bali
102. LEZANO : Kula wau ngajak dolan Anggun ten Karang Tengah Imogiri Pak. Nyuwun ngapunten nggeh Pak, Bu. Kula wau dereng pamitan rumiyin
103. SIMBOK : Sesuk meneh, nek ngajak dolan anakku pamitan sikik yo Le. Ndak Bapak karo Simbok bingung nggoleki
104. LEZANO : Nggeh Mbok. Nyuwun ngapunten, benjang malih kula pamitan.
105. ANGGUN : Ealah Pak,,Mbok, uwis ta mesakke Lezano kuwi lho
106. BAPAK : Yo wis Le, mlebu sikik kene ora neng jobo.
107. LEZANO : Mboten Pak. Nuwun. Kula pamit mawon niki sampun sonten
108. BAPAK : Woyo Le. Nuwun yo wis ngeterke anakku bali, ngati-ngati neng dalan rasah ngebutngebut
109. LEZANO : Nggeh Pak, sami-sami. Assalamu’alaikum!
110. BAPAK, SIMBOK, ANGGUN : “Wa’alaikumsalam
ADEGAN III
111. BAPAK : Ndug, ndene tak kandani rungokke sikik rasah wangsulan.
112. SIMBOK : Anakmu kok nganti keneng kandani Pak. (Nyenthe)
113. ANGGUN : Pripun Pak, Mbok?
114. BAPAK : Kowe ki anak wedok, keneng kandani ora, pamite sekolah yo sekolah terus nek wis bali sekolah yo muleh ora malah mblayang karo lanangan. Ra penak dimatke tangga. Anggun
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~
151