Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/171

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

85. LEZANO : Ora ngono ta, terus kowe pengen awake dhewe kepiye Nok?

86. ANGGUN : (Nangis)

87. LEZANO : Uwis ta rasah nangis, emoh aku nek kowe nangis. Karepmu aku kon kepiye?

88. ANGGUN : Aku kepingin kowe dadi pacarku Mas, nanging aku nyadar nek kowe iseh tresna karo Mbak Chacha” (Huhu T.T)

89. LEZANO : Nok, aja nangis ngono ta. Jujur Nok, aku yo tresna karo kowe nanging ora luweh saka adhek. Maaf yoo Nok, kowe yo ngerti dhewe ta nalika aku lagi bar pedhot karo Chacha. Seumpamane awake dhewe pacaran, aku wedi yen kowe engko dilabrak Chacha. Ngerti dhewe ta tingkahe piye?

90. ANGGUN : Nggeh Mas. Aku yo ngerti yen jawabanmu bakalane ngene

91. LEZANO : Anjaluk ngapuro yo Nok. Aku janji ora bakal gawe kowe lara ati. Ngene wae piye supaya kowe ora kuciwa karo jawabanku iki mau. Awake dhewe luweh saka kanca nanging kurang saka pacar, piye??

92. ANGGUN : Hee. Manut Mas

93. LEZANO : Yo wis gek ngguyu

94. ANGGUN : Hee…

95. LEZANO : Yok, gek mantuk wis sore, ndak engko di sengeni mbokmu, sesuk ndak ora direstuni hehe. Bapakmu neng omah ora Nok?

96. ANGGUN : Lha ayooo Mas,,,. Bapakku neng omah Mas, lha ngopo?

97. LEZANO : Wedi aku Nok

98. ANGGUN : Ora nyokot kok Mas


BABAK V

SAWISE TEKAN NGOMAH BAPAK KARO SIMBOK’E ANGGUN NGENTENI NENG AREP OMAH. LEZANO NDREDEG

NALIKA DITAKONI TERUS KARO BAPAKNE ANGGUN.

150

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~