- Nggeh Pak, kula nggeh klentu. Kula yuwun ngapunten Pak, Mbok
115. SIMBOK : Kowe ki yen dikandani mung nggah nggeh thok nanging ora isoh nerapke endi sik bener, endi sing kleru
116. BAPAK :Rungokke Bapak karo Simbok nek omongan ki, ora malah dolanan HP. Donk ora kowe ki, uwis gedhe kok tetep wae ora donk
117. ANGGUN :Nggeh Pak.
118. BAPAK : Sesuk nek nganti baleni meneh, Hp tak jaluk ben ora isoh dolanan Hp meneh
119. SIMBOK :Haiyow Pak, ben kapok!!. Jaluk saiki wae Pak nek perlu, ben ora isoh mblayang meneh karo lanangan
120. ANGGUN : Aja ta Mbok, wis ora arep tak baleni meneh kok mbok
121. SIMBOK : Nek lagi diomongi ngene mesti le mangsuli ora baleni meneh, nanging 2 dina engkas rak baleni
122. ANGGUN : Ealah Mbok.. simbok. Kok yo ora percoyo tenan karo aku to mbok.. simbok.
123. SIMBOK : Halah, cah koyo kowe ki angel dipercaya. Piye le arep percaya nek dikandani Bapak karo Simbok mung nggah nggeh thok nanging iseh wae ngono-ngono karo wong lanang. Apa meneh karo Pelano po sopo kae pak ?
124. BAPAK :Lepano.. Mbok !!
125. ANGGUN :Udu yo Pak.. Mbok. Lezano jenenge ki, gantiganti jeneng !!
126. BAPAK: Jeneng kok angel, Sesuk nek dadi mantuku arep tak bancaki ganti jeneng slamet ben penak. “
127. ANGGUN :Oleh yee Pak, nek aku rabi karo Lezano..?
128. SIMBOK : Heh, sapa sing ngolehke Bapakmu we mung guyon kok. Ora bakalan aku ngrestuni kowe karo wonge, ra sudi aku duwe mantu kaya ngono.
152
~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~